awit saking tjijuting tjenḍéla ingkang dipun anggé ungak-ungak, temtunipun inggih namung baḍé angsal sawangan njlingup, kirang bablas; saupami tjenḍélanipun dipun blakaken, sampun tamtu saged langkung bawéra.
Kawuningana, umuripun basa punika pandjang sanget, sami kalijan umuring bangsa ingkang nganggé basa. Lampahing basa tansah mingsat-mingset manut ébah-éwahing pamikir saha raosipun bangsa, runtut kalijan lampahing kamadjenganipun. Basa punika dados embananing raos lan pikir, boten kénging jèn kapisahna, salampah djantraning raos lan pikir tansah binungkus ing basa. Saulah kriḍaning pikir, temtu kababar mawi basa. Basa ugi dados titikan kasusilaning bangsa, amargi sadaja kabuḍajaning bangsa kénging winaḍahan nganggé basanipun.
Sarèhné kamadjenganing raos lan pikiripun bangsa punika alon sanget, amila lampahing ébah-éwahipun basa inggih alon, ngetutaken lampahing kabuḍajanipun, saking alonipun, prasasat boten ketawis jèn mingsat-mingset, ananging pundi wonten barang donja boten éwah-gingsir, namung rikat (ngegèt) kalijan alon (boten ketawis).
Lampahing kamadjenganipun bangsa (evolusinipun) punika boten kraos, boten sakeḍap santun, sakeḍap gantos, kados gambar hidup, sontan-santunipun katingal tjeṭa, nanging kamadjenganing gesang anggremet boten ketawis, baji ingkang dipun tungkuli saben dinten, inḍakipun boten kasumerepan, mangké sumerep-sumerep sareng sampun ageng, sampun lutju. Makaten lampahing kodrat.
[[tab}}Basa inggih makaten, ébah-éwahipun saben dinten boten ketawis, sumerep-sumerep sampun santun. Upaminipun basa Djawi kina malém-baripun ḍateng basa Djawi anjar, boten wonten tijang kina ingkang mligi nijat mèngeti ébah-éwahipun basa saben dinten, ananging pun basa tansah lumampah ngantos santun dados basa anjar kados samangké punika, boten sumerep.
Leres basa Kawi punika inggih basa Djawi, nanging kawontenanipun sampun gèsèh sanget kalijan basa Djawi djaman samangké. Tijang-tijang sapunika sampun boten wanuh, malah kaṭah ingkang mastani Kawi punika sanès Djawi, amargi tetembunganipun béda, tataning panjerat inggih gèsèh, iketaning ukara ngalèr ngidul, amila sanadjan Djawi sami Djawi, sampun boten gepok sénggol (asing). Bokmanawi basa kina punika boten namung Kawi, malah kénging dipun gagapi, saged ugi basa Djawi sadèrèngipun Kawi kinten-kinten sampun naté wonten, dipun anggé gineman tijang Djawi klutuk saderengipun wonten bangsa-bangsa sanès ingkang sami mriki. Ananging kados pundi sipatipun, tembung-tembungipun, paketjapanipun, sarta laguning swaranipun, boten wonten ingkang sumerep, djalaran tijang Djawi djaman samanten dèrèng saged njerat, dados boten damel tjatetan punapa-punapa, amila lelampahanipun sirna tanpa tilas, itjal latjakipun. Ingkang kala mangsa saged kepanggih namung balung- balungipun, tjumplung sarta barang-barang damelanipun. Punika para ahli barang-barang kina saged andugi-dugi umur-umuranipun, sarta gesangipun nalika djaman punapa.
31