Uran-uran punika inggih ladjeng kapurih angapilaken malih. Panuntunipun inggih saking sapada lingsa, awongsal-wangsul kados ingkang sampun. Menawi sampun apil, pamulangipun wonten ingkang deli. Wewahipun kaangkah ing tembé kalijan mlampah. Manawi infkang mulang saget njerat, uran-uran wau inggih kaserat, ladjeng kaanggé mulang. Menawi ingkang sepuh wau boten saged njerat, inggih ladjeng seratipun kémawon ingkang kadamel mulang, patrapipun mulang makaten :
Tijang sepuh : ,,Tolé, iki lo lajangé kang muni kaja apalan mau, mara delengen !
Laré : ,,Inggih.
Tijang sepuh (kalih-kalihipun sami nganggé tuding, sada sasaminipun) : ,,Iki kang muni ,,tuhu panguntjanging sukma , saandegan iki diarani : sapada lingsa. Padané lingsa : iki, (kalijan nudingi pada). ,,Tuhu , kang muni ,,tu, iku djenengé aksara ,,ta, ,,Hu, iku aksara ,,ha, tenger kang mangisor iki (,,u), djenenge sukon, utawa suku. Titènana sakabèhing aksara, kang disandangi ,,suku, uniné ,,u (metjuju). ,,Ta disuku tu. ,,Ha disuku ,,hu, sapituruté. ,,Panguntjang , tenger (ٝ) iki djenengé sandangan ,,tjetjak. Sakabèhing aksara kang ditjetjak iku unné ,,ang, mangap. Dadi ,,pa ditjetjak uniné : ,,pang. ,,Ta, ,,tang, ha, ,,hang. Nguntjang iki djenengé aksara ,,nga, disuku, jén disuku baé unine ija ,,ngu : nanging rèhné uruté iku ana aksara tumpuk, kang duwur iku djenengé aksara ,,nja, nanging mati. Dadi ,,nga disuku mau matèni ,,nja uniné ,,nhunj. Kang ngisor iku djenengé pasangan ,,tja, iku dtjetjak, uniné ,,tjang. ,,Nging iki aksara ,,nga maneh. Sandangan ana ing duwur aksara, bunder tjilik, iki djenengé wulu, mangka ditjetjak. Dadi ,,nga, diwulu-tjetjak, uniné ,,nging , jè ,,ta , ija ,,ting.
,Sukma : Iki djenengé aksara ,,sa, disuku, nanging uruté ana aksara tumpuk manèh. Kang duwur iku mati, djenengé aksara ,,ka. Dadi kang disik iku aksara ,,sa, disuku, matèni ,,ka, uniné ,,suk. kang ngisor iku djenengé pasangan ,,ma, uniné ija ,,ma.
Kados makaten pamulangipun, saben angsal sapada lingsa dipun kèndeli. ngantos laré saged ngédja pijambak, saweg dipun warahi sapada malih, saladjengipun.
Sinau maos mawi lampah kados ing nginggil wau ingkang katah ing dalem 6 wulan kémawon laré sampun njerat. Déné para laré anggènipun saged njerat punika inggih namung saking madjenging manahipun pijambak, uran-uran wau katurun, wongsal-wangsul. Déné tijang sepuh awis ingkang saged nuntuni patrap-patrapipun njerat, djalaran inggih boten saged njerat pijambak.
Wonten malih tijang sepuh mulang maos mawi lampah sanes, makaten : laré kasumerepaken aksara legena, sadjangkepipun 20, inggih punika tjarakan ,,ha na tja ra ka, saladjengipub dumugi nga, punika kapuriha ngapilaken walikanipun : nga ta ba ga ma, saladjengipun
dumugi ,,ha, manawi sampun awil, ladjeng kawulang pasangan, ugi sasjangkepipun. Ladjeng kawulang sandangan, limrahipun saking
29