Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

man semanten, béda sanget kalijan ing wekdal sapunika. Awit saking serat-serat ingkang kanggé gegaranipun mulang maos dèrèng wonten. Sanadjan sampun wonten satunggal kalih, nanging para sepuh dèrèng sami priksa, déné ingkang dipun anggé mulang nebdet saking serat-serat waosan mawi sekar matjapat ing sagadahipunn, kados ta Serat Ménak, sapanunggilanipun. Punika dipun pendet sapada utawi kalih pada ingkang dipun remen, ladjeng kapurih ngapilaken dateng laré dalah sasekaripun, kadamel ura-ura. Inggih katuntun dalah sasekaripun. Menawi sampun saged ura-ura sapada, ladjeng kawewahan samanut sasenengipun kémawon, wonten ingkang wiwit saking sekar Sinom, sekar Pangkur, tuwin sanès-sanèsipun.

Déné patraping anggènipun tijang sepuh mulang dateng anak makaten : laré kapurih anirokaken anggèenipun ura-ura. Umpaminipun seratipun Sera Ménak-laré, punika ingkang limrah karuminjinaken sekar Sinom, inggih punika :

Tuhu panguntjanging sukma,
Kalana Djajadimurti,
solahira anèng taman,
tamanira sri bupati,
samana duk upeksi,
naga geng tutuk manguntur,
buka sri kanantéra,
sisik kuma rinukmi,
apan arsa mijat tutuk naga praba.

Manawi sampun apil saha sampun mantun dipun tuntun, inggih ladjeng dipun wewahi sapada malih urutipun. Mila makaten djalaran kamanah manawi namung sapada punika kémawon seratipun dèrèng pepak, pamulangipun inggih kados ingkang rumijin. Manawi kalih pada punika sampun apil sajektos, tandanipun : sampun saged ura-ura piuran apilan malih, nanging santun sekar. Santunipun wau inggih sasenengipun ingkang sepuh. Déné ingkang limrah kasantunaken inggih punika sekar Dandang - gendis, mendet saking tjarijos : lelabetanipun Patih Suwanda, patihipun prabu Sasrabau ing nagari Maèspati, inggih punika uran-uran ingkang dipun senengi tijang katah dumugi sapunika, makaten :

Jogjanira kang para pradjurit,
lamun bisa samja anulada,
kadi nguni tjaritané,
andelira sang prabu,
Sasrabau ing Maèspati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun.
kang 1 kinelun tri prakara.
guna kaja purun ingkang dèn antepi,
2 Suwanda trah utama.

1 ingkang limrah : ginelung.

2"": nuhoni trah utama.

28