Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ngabéi Wirapustaka, Radya Pustaka ngedalaken tijdschrift (kalawarti) Djawi, ngewrat kawruh-kawruh Djawi, nama S a s a dh a r a, kaliyan Tj a n d r a k a n ṭ a, ingkang dados djuru ngarang inggih Mas Ngabéi Wirapustaka. Sarta ing pawingkingipun ingkang kawedalaken pijambak: W a r a d a r m a. Sasadhara serat kabar wulanan Djawi ingkang rumijin pijambak, kapétang dados kadang sepuhipun Pusaka Djawi.

Nalika taun 1920 minggah pangkat dados abdi dalem panéwu garap, kapateḍan santun nama: Ngabéi Pradjapustaka. Mas Ngabéi Pradjapustaka sampun sepuh sajektos, kekijataning baḍan suda katah sanget, nanging kataberènipun njerat boten suda, pamanahipun ḍateng basa Djawi boten kemba. Awit saking taksih kanggé ing damelipun, mangka kagalih sampun rekaos ing lampah, Nagari paring parimirma kalilan boten sowan, kaḍawuhan njambut damel ing grija. Salebetipun taun 1924 Mas Ngabéi Pradjapustaka nanḍang sakit rekaos, winimbasara ḍateng putu-putunipun ingkang sami dados ḍoktér. Kabekta saking sampun lungsé ing umur, sareng sampun saras, sampun boten saged tuminḍak njambut damel. Saking keparengipun Nagari ladjeng kapènsiun. Dumugi tilar donjanipun wau boten wonten antawis sangetipun.

Karangan tetilaranipun Ki Padmasusastra mèh sadaja nudju kabetahaning ngakaṭah. Déné ingkang pinèngetan dados tetunggulipun :

  1. Bau sastra Djarwa Kawi, nisihi bausastra anggitanipun tuwan C. F. Winter (kaudal sarta kawewahan saking serat Kawi warna-warni).
  2. Ensiklopèdi Djawi kawerdénan Djawi, kanamakaken Bau-warna, émanipun saweg kaetjap setunggal djilid, aksara „ha". Kaping kalihipun déné dèrèng angsal bijantunipun para sardjana sudjana. Ensiklopédi dédé jasan tjlimèn-tjlimènan, sagedipun samekta dados primbon, sarta boten mangsulaken pitakénan kedah kaembat ing para sardjana awarni-warni golongan.
  3. Utjal-utjalan bausastra Djawi: Gericke — Roorda kawerdénan basa Djawi, tjalon dados bausastra Djawi-Djawi, ingkang dados pangadjeng-adjenging ngakaṭah. Emanipun dèrèng ngantos rampung, saweg dumugi aksara „nja", nunten ginandjar sakit, kaladjeng boten saged angladjengaken.

Ki Padmasusastra anggèning kapatedan santun nama Mas Ngabéi Pradjapustaka dèrèng nama lami, anggitanipun sami keladjeng katjirènan nama lami, mila ing wingking aruming nama anggenipun dados sesuluhipun basa Djawi. kaanggé sekar latinipun para marsudi basa Djawi, kasebut Ngabéi Wirapustaka, utawi Ki Padmasusastra.

(Pusaka Djawi)

VII. WULANGAN MAOS DJAWI ING ABAD KAPING XIX

Nalika dèrèng kaṭah pamulangan kados ing djaman sapunika, anak-anakipun para prijantun, jèn sampun umur kalih welas dumugi nembelas taun, limrahipun dipun wulang maos bapakipun pijambak, utawi kapasrahaken sanak sedèrèkipun ingkang saged maos.

Namung patrapipun amulang maos para bapakipun laré ing dja-

27