Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pradjapustaka. Nguningani dateng serat-serat punika, pandjenengan bokmenawi ladjeng terang sinten Mas Ngabéi Pradjapustaka punika, ing ngadjeng nama Mas Ngabéi Wirapustaka, saha nalika taksih mardika nama Ki Padmasusastra.

Djaman alitanipun Mas Ngabéi Pradjapustaka dèrèng djaman pamulangan, nanging wiwit ngumur 6 taun sampun pinardi ing sastra ḍateng bapakipun, dumugi ngumur 9 taun saged maos sarta njerat Djawi tuwin Melaju (Latin). Djaman semanten dados pangéram-éram tuwin adamel gawoking akaṭah. Umur 9 taun wau dipun sèlèhi kalenggahaning bapa dados mantri geḍong kiwa anama Mas Ngabéi Kartadirana, dipun parabi Gus Béi.

Ngumur 19 taun minggah pangkat dados mantri sadasa (panéwu djaksa anèm) nama Ngabéi Bangsajuda. Saladjengipun kapetik njambut damel ing Kantor Kapatihan. Wusana sareng sampun sawetawis taun minggah dados panéwu djaksa geḍong-kiwa anama Ngabéi Kartipradata. Watawis ngumur 43 taun kèndel anggenipun dados abdi dalem, dados tijang mardika, nama Ki Padmasusastra.

Samanten Ki Padmasusastra dipun kanți tuwan van Der Pant, guru ing pamulangan Gymnasium ing Betawi, kapurih nenuntun tètèhing paketjapan Djawi sesaminipun ing bab basa Djawi. Wiwit samanten Ki Padmasusastra alihan gegrija ing Betawi, sarta ladjeng srawungan kalijan para sardjana bangsa Èropa. Awit saking punika katetangi manahipun marsudi basa Djawi. Berkating taberi sarta tlatos ing pangudinipun kasembadan ing sedya ladjeng sumerep ḍateng alang udjuring basa Djawi.

Ingkang kaping kalih Ki Padmasusastra dipun kanṭi ḍateng tuwan Walbeehm, wasana dipun kanṭi tuwan de Nooy. Nalika tuwan de Nooy perlop ḍateng nagari Welandi, ki Padmasusastra kaadjak. Wonten ing nagari Walandi Ki Padmasusastra kirang djodo hawanipun, kasrepen, ladjeng ketjanḍak ing watuk, mila boten dangu énggal mantuk ḍateng tanah Djawi. Éman sanget namung sabrèbèt durèn wonten ing nagari Walandi.

Wangsulipun saking negari Walandi, Ki Padmasusastra ladjeng tetep mantuk dateng Surakarta. Wiwit titimangsa punika Ki Padmasusastra ladjeng malebet ḍateng pabarataning djurnalis, dados djuru ngarangipun serat kabar Djawi Kanda"; kala samanten ketingal ramé djagading serat kabar. Kedjadi dados djuru ngarang ing serat kabar, inggih ngedalaken serat warni-warni, anggitanipun pijambak, sawenèh anggitanipun sardjana sudjana ingkang inganggep dados, dwidja waranipun, kados ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil. Serat-serat anggitanipun Ki Padmasusastra pijambak sami gantjaran, déning rumaos ḍateng iketaning kidung kirang, namung tumindak, boten timbang kalijan iketanipun gantjaran, pantjèn ngrumaosi boten kedasaran dateng kidung.

Nalika Kangdjeng Radèn Adipati Sasradiningrat ingkang kaping IV (sumaré ing Imagiri), jasa bibliotik winastan Radya Pustaka ing taun 1899, ingkang tinanggenah njepeng Ki Padmasusastra, kapangkat mantri. Wiwit semanten Ki Padmasusastra wangsul dados abdi dalem malih, kapateḍan nama Wirapustaka. Kedjawi nglempakaken serat tuwin ngimpun kawruh2 Djawi, semanten awit saking usulipun Mas

26