Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ngunan, wenes idjo kang sarira kadya kentjana sinangling, wadjanja lir mirah (mutyara) sinundukan, sinomé lir lunging pakis kabaratan, untuné rata putih lir ombaking warih, kang tjahja lir basanta.

b) Tjandra ingkang tanpa tembung,,kaja, kadya," lan sanès-sanèsipun, kadosta : kuningé nemu giring, punḍaké nradju emas, baṭuké njéla tjenḍani, aṭi-aṭi nguḍup turi, rambuté ngembang bakung, rambuté nganḍan-anḍan, untuné amidji timun, pipiné andurén sadjuring, lambéné anggula satemplik, lengen angganḍéwa gaḍing (angganḍèwa pinenṭang), lémbéhané amblarak sempal.

Pepinḍan-pepinḍan ,,tjandra" ing nginggil wau sadaja boten kénging dipun éwahi (dipun anggit). Kedjawi mekaten, menawi kamanah-manah mula bukanipun utawi sebabipun, asring boten andungkap, upami:

Baṭuk saé katjandra : njéla tjenḍani. Punika kados pundi sebabipun déné kasamèkaken kalijan séla tjenḍani; boten kasumerepan, punapa waradinipun, punapa lumeripun? Mekaten ugi tjandra utawi pepinḍan-pepinḍan sanésipun, upami: Kaja wangan mungsuh sagara, budiné lir menjan kobar, paguting tingal gapjuk lir kupu tarung, pangungrumé lir bremana ngisep sari, pipiné andurèn sadjruning.

2. Tjandraning kawontenan:

Punika limrahipun njrarijosaken punapa-punapa, sarana katembungaken utawi kaèmper-èmper kados tijang, kadosta:

Sesanḍonan senggal-senggal atri,
obahira tjemara ing arga,
kadi kajungjun ésṭane,
mring para sura wadu,
kaju manis singrub kaèksi,
sinomira ngrembaka,
lengeng ésṭanipun,
lir kadya bisa ngutjapa,
anambrama arum ingkang anjar prapti,
gumlar ing wana-wasa. (Wiwaha Djarwa).

Tjandra ing nginggil punika wonten pepinḍanipun : ébahing wit tjemara kados kasmaran, ron kados-kados saged ngutjap, kados ambagèkaken para widadari.

Pethikan saking serat Bratajuda tjekakan:

,,Sakaṭahing kalangenan urut margi, ingkang dipun ambah prabu Kresna, semunipun sami prihatos, ébahipun goḍonging wit waringin semunipun kados tijang djaler kasusahan, amargi ketjuwan anggènipun baḍé karon djiwa. Putjaking gapura èmperipun kados ngadjeng-adjeng énggaling rawuhipun prabu Kresna. Baunipun ing gapura kados baḍé njembah ingkang rawuh. Epanging wit tjepaka sapininggiring margi katempuh ing angin, semunipun kados astanipun Dèwi Banu-


24