Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wati angawé-awé apitakèn ḍateng prabu Kresna, punapa Radèn Ardjuna anḍérèk. Swaraning ratanipun sang nata, sarta gebjaring sesotya rerengganipun, kados anjauri sarta angudjiwat ḍateng ingkang pitakèn.

Wondéné sauripun : "Si Djanaka ora milu ngiring, isih kari ana ing Wiraṭa, kadang-kadangé sidji ora ana sing milu !”
Epang kanginan èmperipun kados tijang méngo, boten kadugi ing wangsulan wau, awit Radèn Djanaka boten nḍèrèk ḍateng nagari Ngastina andjabel nagaripun. Sekar-sekar ing margi èmperipun kados baḍé rentah ing djurang, wit-witan ingkang wonten ing pinggir margi katempuh ing angin, goḍongipun abosah-basih, semunipun kados tijang prihatos, déné Panḍawa boten wonten tumut ............ Tjandraning kawontenan wau kénging kaanggit.

5. pepindan ingkang kawastanan sanepa

 Ing basa Djawi wonten tetembungan ingkang kawastanan : sanépa, punika ugi pepinḍan, nanging wonten bédanipun sawetawis, inggih punika njebutaken punapa-punapa, katanḍing kalijan sanèsipun, nanging langkung saking ingkang dipun upamèni (upamèkaken), upami : èsemé pait kilang, èsem katanḍing kalijan kilang, kilang kaanggep pait, taksih legi èsemipun, tegesipun : èsemipun manis sanget.

 Sanépa sanèsipun kados ta : èsemé pait madu, tingalé pait madu (kilang), ambuné arum djamban, tatuné aran krandjang, rinḍik asu digitik, renggang gula kumepjur pulut, lanḍep ḍengkul, bening leri, londjong botor (mimis), tjumbu laler.

(Serat gantjaran warni-warni
ing djaman sapunika. Ingkang
ngimpun R.L Mellema.
)


VI. PÉNGETAN ADJALIPUN MAS NGABÉI WIRAPUSTAKA

 Nalika dinten Senèn Wagé kaping 1 Pebruari 1926 wantji djam 8 éndjing, Mas Béi Pradjapustaka, Panéwu-garap Kapatihan Surakarta ingkang sampun pensiun atilar donja, dumugi umur 86 taun (taun Jawi).

 Para maos bokmanawi kaṭah ingkang katambetan ḍateng Mas Ngabéi Pradjapustaka wau. Mas Ngabéi Pradjapustaka punika bangsa Djawi ingkang marsudi kasusastran Djawi, kaṭah serat-serat anggitanipun ing bab kasusastran Djawi, tuwin tjarijos gantjaran, punapa déné serat anggitanipun sardjana sudjana ingkang kawedalaken, sarta sumebar ing ngakaṭah.

 Serat anggitanipun pijambak : Parama basa, Urap sari, Warna basa, Tembung betjik, Rangsang Tuban, Tata tjara, Paṭi basa, Hariwara, sarta taksih wonten panunggilanipun malih. Ingkang dédé karanganipun pijambak, sekar-sekaran : Burat wangi, sarta sapanunggilanipun malih taksih kaṭah, punika ingkang ngedalaken Mas Ngabéi

25