Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. PEPINḌAN INGKANG KANGGE ING PAḌALANGAN

Ing paḍalangan katah sanget pepinḍan ingkang namung dados rerengganing basa. Tembung-tembungipun sanès tembung limrah, kapilih ingkang pèni utawi kawi, kadosta :

,,Duka" katembungaken mekaten: lir sinebit talingané, djadja bang mawinga-winga (asumung-sumung, lir sinetjang, lir wora-wari), kadya bel metu dahana, sarira mangutug kadya agni, nétra andik angatirah (angondar-andir), kumedud padoning laṭi, kang idep mangada-ada.

Kula nuwun Sinuhun, wonten ing djawi guguping manah kula kados tinubruk ing mong tuna, sinamber ing gelap lepat, upami kambengan salamba pinandjer ing alun-alun sakelangkung kumedjot kumitir tjaruk awor rumaras. Sareng sampun wonten ngabjantara dalem, boten anggaḍahi manah ingkang kumarasan.

Kinanda, jata Srinata ingkang kondur angaḍaton, kèndel wonten plataraning srimanganti, amengkeraken warana, angadjengaken régol dana pratala. Srinaréndra sarwi aningali rerengganing gapura, putjak sinung kumala sawohing djenggi agengé, inebing gapura gedah tinulis Sang Hjang Kama-Ratih, jèn menga kadi béḍang asemajan, jèn mineb kadi pengantèn kepanggih.

Kinanḍa sireping gara-gara, ana mas tiba saking wijati, jèn emasa mas képon, jèn slakaa slaka tjèlèng. Sinten ta ingkang melik-melik kadya dingklik, mentjorong kadya gentong, ora maido tédjané bendarané, ija Kjai lurah Semar.

Lampah ḍaḍap anor raga ngrepèpèh kadya sata mrijembada. Dasar satrija bagus, rinengga ing busana, sasat Hjang Asmara angédjawantah. Wanodya neḍeng diwasa aju warnané, rinengga ing busana, amim-buhi raras-aruming nétya kadi murtja kinedèpna.

Pranjata sri naréndra sirna kamanungsané, sasat sang Hjang Brama angédja wantah; rep sidem premanem ing paséwakan, tan ana bawané walang ngalisik, sanadyan gegodongan tan wonten ébah, kénging pangaribawaning naréndra, namung swaraning panḍé gending, kemasan, ingkang taksih sami njambut karja, imbal raras jajah lir pradangga (mandaraga).


4. PEPINDAN INGKANG KAWASTANAN „TJANDRA”

Ing basa Djawi wonten pepindan ingkang dipun wastani: ,,tjandra", punika ugi tetembungan utawi ukara ingkang njebutaken punapa-punapa, kasamèkaken barang sanèsipun, limrahipun namung wonten ing gagasan kémawon.

Ingkang dipun tjandra limrahipun: 1) tijang ingkang saé ing warni, 2) kawontenan. (natuur, alam.)

1. Tjandraning tijang, punika pepiridaning warni:

a) Tjandra ingkang nganggé tembung: ,,kaja, lir," lan sanès-sanès-ipun kados ta: tjahjané nglajung kaja rembulan, rurus kang salira kadi ingongotan, wadana kadya binubut, kadi gambar wewa-

23