Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kutjing (djuweèh) ; kaja keṭék ditulup (lingak-linguk) ; kaja mimi lan mintuna (boten pisah) ; kenṭang-kenṭang kaja ranḍaning bupati (boten padjeng sémah malih) ; dikempit kaja wadé (dipun pilala) ; bungahé kaja wong nunggang djaran èbèg-èbègan (tanpa taha-taha).

 Pepinḍan-pepinḍan ingkang kasebat ing nginggil punika sami nganggé tembung ,,kaja" ; boten sedaja pepinḍan makaten, wonten ugi ingkang tanpa tembung ,,kaja", nanging mawi swanten swara irung, kadosta: ,,andami aking" ; tegesipun : kados dami aking, panunggilanipun kadosta: ambanju-mili  ; ambata rubuh ; njéla tjendani ; andadamar kanginan ; nawon kemit ; ngombak banju.

2. PEPINḌAN INGKANG KANGGÉ ING SERAT-SERAT

 Ing serat-serat kaṭah pepinḍan ingkang ing pawitjantenan boten naté kanggé. Kadjengipun pepinḍan wau wonten ingkang mewahi tjeṭanipun ingkang dipun tjariosaken, dados katingal gawang-gawangan, wonten ingkang kanggé njangetaken. Déné limrahipun dados rerengganing basa. Awit saking punika serat-serat ingkang kaṭah pepinḍanipun serat waosanipun tijang sepuh, langkung malih serat-serat ingkang mawi sekar.

 Ing nganḍap punika pepinḍan-pepinḍan ingkang asring kanggé ing serat-serat gantjaran, tuwin ing serat-serat ingkang mawi sekar :

 Wutahing wadya bala kadya trunaning udaja, kadya samodra kinebur ; kang putih kumpul paḍa putih kaja kuntul neba, kang abang kumpul paḍa abang kaja gunung kobar (kaja kembang palas), kang ireng kumpul paḍa ireng kaja ḍanḍang reraton, kang kuning kumpul paḍa kuning kaja kepoḍang reraton ; ingkang séta kadi kuntul sakeṭi lumrang ; ingkang abrit kadi wana katunu. Busana manéka warna kadya sekar ing udyana ; tandangé kaja wong mendem gendjé ; suraking bala kaja ampuhan ; awaké andedel kaja diububi. Raosing manah kados kasiram ing toja sawindu ; bekosé lir sima lodra mangsa bebajangan ; polahé kaja manuk sikatan ; kaja wangan mungsuh segara ; pangamuké kaja sima arebut daging (kaja bantèng ketaton). Angkuhé kaja kumendur angadjawa 2). Kaja Kamadjaja lan Ratih. Pesating mimis kaja lintang alihan (kaja udan geni) ; Peteng kukusing obat kaja ṭaṭit sarawungan.Bungahé kaja nemu inten sagunung. Gumuruh wadya wurahan lir kotjaking samodra (lir hérnawa bentar). Kèhing djanma maledug lir gunung kapuk. Nglumpruk lir kapuk. Budiné lir menjan kobar. Paguting tingal gapjuk lir kupu tarung. Tandangé kaja gadjah meta (kaja djangkrik mambu kili). Polahé kaja prendjak tiambalabar lir samodra tanpa tepi. Gumuruh swaraning gubar lan bèri kadya ambelahna langit. Kèhing pepati kaja babadan patjing. Para putri sirep kabèh kaja iwak tinuba. Prigelé kaja keḍasih njampar banju. Mujeging ronronan kaja rerengganing gelung. Sumbaré kaja bisa mutungna wesi gligèn. Gilapé kaja njuremna soroting srengéngé. Senggaké ngeḍasih. Ombaké ngembang glagah. Geṭingé tanḍes ing balung.


2) ugi kados no. 1


22