Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

 Bingah tuwin susah kagambar kados sanḍangan, inggih punika kasléndang ing ukara: bubuhaning manungsa kaslenḍangan bungah lan susah.

 Ukara-ukara ingkang mekaten wau, ing basa Djawi kawastanan ukara saged ndjogèd. Ing nganḍap punika panunggalipun ukara ingkang saged ndjogéd, peṭikan saking serat Pustaka Radja purwa:

Mijarsa pawartos pepekenan (bebaratan), saking asranging samirana, asraking ampuhan, lepasing gunḍala, bebasan: tutur kelantur, pawartos katular, udjar pinadjaraken djanma, .......... tegesipun mireng pawartos ingkang déréng pinitados.
Delap kawula mugi kalilana anuwila-ganda, tembung ngawu-awu, lepata ing saru sesiku, déné kumawani (kamipurun) rumengkuh angraket krama ḍateng paduka. Sajektosipun kawula punika, tebih-tebih taksih kantenan prenahipun, lamat-lamat inggih ketingal kukusipun (taksih kantenan tetalaripun), tegesipun : njuwun pangapunten déné kamirupun njenjebut raka, saéstu taksih saḍèrèk, senadjan sampun tebih.

 Menggah tijang nglairaken krenteging manahipun, pikadjenganipun utawi raosing manah, wontena ing pawitjantenan, wontena ing serat, sesaged-saged mesṭi murih tjeṭa, tètèh, luwes, manis, urut, boten worsuh. Awit saking punika pamilihing tembung-tembung kedah patitis, kedah runtut, mapan utawi lenggah, utaminipun resik.

 Kedjawi mekaten, ingkang besus ing sastra ugi mawi tetembungan utawi ukara minangka reranggan, supados sakétja tuwin nengsemaken ḍateng ingkang sami miḍanget. Tetembungan punika ingkang kula wastani:b u s a n a n i n g b a s a.

 Busananing basa punika wonten pinten-pinten warni, wonten ingkang kanggé wonten ing pawitjantenan padintenan, wonten ingkang namung kanggé ing serat-serat, tuwin wonten ingkang kanggé ing paḍalangan. Ing ngriki ingkang kula tjariosaken namung busananing basa ingkang kawastanan pepinḍan.

 Pepinḍan punika tetembungan utawa ukara, ingkang njebutaken punapa-punapa, menawi dipun samèkaken utawi katanḍing kalijan sanèsipun, limrahipun mawi tembung : kaja, kadya, kados lir, lan sapanunggilanipun. Kadjengipun ingkang nganggé tetembungan wau terkaḍang namung mewahi katrangan, terkaḍang kanggé njangetaken, terkaḍang namung kanggé rerengganing basa kémawon.

1.PEPINḌAN INGKANG KANGGÉ PAWITJANTENAN PADINTENAN

 Menggah tulaḍanipun :

dledjag-dledjeg kaja adjudan 1). Irengé kaja minangsi; anggepé kaja prijaji ; ketjuté kaja asem ; paité kaja brata-wali; leginé kaja gula; ambuné kaja baṭang ; djeroné kaja segara ; paḍangé kaja awan ; abangé kaja dubang ; akèhé kaja semut ; anggoné turu kaja baṭang.

 Pepinḍan wonten ingkang dados paribasan, upami : tjar-tjor kaja wong kurang djanganan (tjlebang-tjeblung) ; kaja klinṭing disampar


1) pepinḍan punika méntjokipun tumrap kaladjaman pepréntahan Welandi.

21