Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Ḍèk semana pangrasaning atiku, kang paḍa didjinggleng prasasat mung aku, awit akèh kang dirasakaké. Déné solahku ndjogèd mau bisa médoki banget. Lebar ndjogèd ambal ping pinḍo, wis djam 12.— bengi, kangdjeng ḍahar. Aku oleh tjaḍong dirampadi telung piring nganggo iwak derkuku, embuh dara, sidji wutuh. Nanging ija mung sepisan kuwi mengkono.

 Ambalèni tjrita setitik. Kakang Djajèngprawira, adiné kakang Kramapawira nalika semana dadi magang Kabupatèn. Sadjroné aku ndjoged matjak tjara wadon mau, kakang Djajèngprawira iku ngundjukaké lajang marang kangdjeng njuwun tapak asta, didangu mangkéné: „Kuwi sapa ?" Ndangu mangkono iku karo nuḍingi aku. Sawusé aku ditamataké rada suwé, bandjur mundjuk: „Ngapunten dalem, kados kagungan dalem srimpi énggal." Bareng diḍawuhi jèn aku, bandjur ditamataké, saking kagèté, presasat nggeblak.

 Ésuké nganti tekan awan wanguné wong-wong isih paḍa ngungun éling marang malihé rupaku dèk benginé. Dadi kerep nggunem ngrasani, aku. Awan iku mau seraté penju kangmas Surana ndikakaké maringaké marang aku. Kamas oleh paringan manèh, geḍé sarta betjik banget, watara rega fl. 10.—.

(Serat pèngetan. K.w. Pusaka Djawi).


IV. PAMARSUDINING KAWRUH BASA INGKANG MLÈSÈD

 Ing dusun-dusun utawi ing ponḍok-ponḍok terkaḍang wonten tijang ingkang ahli negesi tembung. Ingkang kaanggé lelanḍesaning negesi: swaraning paketjapan. Tijang-tijang ing sadjadjaripun, menawi mireng anggènipun negesi tembung-tembung wau sami gumun sarta ngalem ḍateng kawasisanipun tetijang ingkang mekaten wau. Ingkang dipun gumuni, anggenipun trampil, sarta ketingal trep, utawimatis, tjotjog kalijan kawontenanipun. Tjoba kapriksanana:

(wong) tuwa = untuné dawa-dawa.
(wong) tuwèk = untuné dèwèk-dèwèk.
tjangkir = nantjang pikir.
wédang = gawé kadang.
wangsalan = njawang angsal-angsalan.

 Tjara negesi mekaten punika nglantur-nglantur tanpa peḍot. Setunggal-tunggaling tembung dipun tegesi, kaèmper-èmper sagedipun radi matuk kalijan kawontenanipun. Upami wonten ingkang pitaken mekaten: „Lah batur punika tegesipun kados pundi ?"

Wangsulan : „kebat, jèn ana pitutur."
Pitakèn : „Kok dipun kramakaken réntjang?"
Wangsulan : „Kuwi pantjèn ora réntjang, beneré rintjang;jen diiri, gantjang !"

 Mekaten tjaranipun. Menawi djudeg, ladjeng nglepataken ḍateng tembung ingkang sampun wonten. Dipun éwahi sekeḍik utawi kaṭah,

18