kang lara mariné lawas, karo embuh sababé teka ora bali-bali. Kirakira pandjogèdé mung dibandjelaké penḍak aku lara baé.
Botjah-botjah wadon sing sinau srimpi iku kabèh wus paḍa winajah, sok éplak-èplèk, sarta sregep ngindjen botjah lanang. Aku ija katut diindjen. Nanging aku Boḍo tawa ora Djawa, mulané sepi banget ing tanggap. Jèn soré salah sidjining srimpi wadon mesṭi kudu ngulungaké sampur marang aku. Menawa arep ngulungaké paḍa irèn, nanging endi kang ketiban denggung, mangkate semuné kanți bungah. Senadjan kaja mengkono kaanané, pangrasaku durung tau aku guneman saketjap-ketjapa karo srimpi mau, sarta temen aku ora sesembranan setitik-titika.
Ḍèk semana wetengku wis wiwit tjilik, takkira saka kurang mangan, tur wajahé mangan lungsé. Karo manèh amarga dak-olah, dak-sabuki kentjeng banget. Wiwit dèk semana kiraku awakku dideleng rada katon ngresepaké. Kedjaba wetengku mari geḍé, awakku rada resik. Daging ing awak isih neḍeng-neḍengé, watara umur patbelas taun. Tjahja isih paḍang-paḍangé. Polataku ora mbesengut. Dadi mungguh awakku awudjud kaju, kaju sing oleh sipatan seraté alus, nanging kajuné pantjèn dudu kaju tjendana. Olèhku bisa ngarani mengkono iku mau kabèh saka gunemé wong setitik-titik, dak anggit- anggit bareng aku wis tuwa. Kangdjeng wanguné sengsem banget marang djogèdku.
Ana ing pasuwitan mau kang aran pasowanku mung manawa kangdjeng lenggah ana ing buri. Dunungé penḍak karo busana. Palenggahan ing buri mau awangun penḍapa. Kala-kala kangdjeng tjok rada matjokaké aku marang botjah wadon mungsuhku perang. Sepisan rada banget, mengkéné: kangdjeng lenggah ing pengkeran ana ing tengah, aku ana ing pinggir kulon, mungsuhku perang ana ing pinggir wétan. Dadi adoh banget karo aku. Ananging linggihku, lenggahé kangdjeng, lungguhé mungsuhku iku kapinudjon dadi sagaris. Kangdjeng mriksani aku, nuli mriksani mungsuhku, bandjur priksa jèn lenggahé mau ana ing tengah-tengah bener, bandjur mundur karo ngendika sarta gumudjeng: „E, olehku linggih iki mau ngaling-ngalingi!"
Sepisan aku arep dipanganggoni tjara wadon. Kamas Surana nuli mangsit aku, menawa aku dipenganggoni tjara wadon, gelema. Aku ija nginggihi. Bareng kangdjeng ndangu aku, aku ija njendikani, ora nganggo mikir apa-apa. Bareng tibané arep dipenganggoni tjara wadon, aku katimbalan menjang pengkeran, ing tengah, dadi ana ing papan palenggahané kangdjeng utawa kang ibu. Wong wadon pirang-pirang pada teka ing enggonku. Déné kang menggedèni: kalangenané swargi kangdjeng pangeran. Ana kang ngutjuli klambiku, ana kang mbukak iketku, ana kang ndjupuk djungkatku, ana kang meḍaki. Nalikané iketku dibukak, katon djungkatu sungu tur ala. Nalikané aku didjungkati, digelung, diweḍaki awakku utawa dipupuri, ditapihi, mestiné kantjaku srimpi ija ndeleng kabèh. Nanging aku ora weruh rupané, sebab aku ana ing paḍangan, ing mangka kana ana ing lelinḍukan.
Sangsaja dadi olèhé ndandani, aku sahgsaja krungu pangalemé wong mau warna-warna, embuh saka pangonggrong, embuh saka temenan. Nanging tumibané menjang rasaning atiku, kaja-kaja temenan. Bareng wis rampung aku nampani sampur, bandjur metu ndjogèd.
PEṬIKAN MANTJA WARNA
17