Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kéné iki ija duwé ḍuwit séwu rupiah, nanging jèn wus arep bajaran......" Pangandikané mung kèndel semono. Nuli mundjuk marang ingkang ibu, surasané: djaré aku njuwun ḍuwit dak-anggo tuku sarapan. Lebar mundjuk bandjur munḍut ḍuwit ing kanḍi mau rong ringgit, diparingaké aku. Iku bisa dadi sambung umur. Saentèké iku kepeksa bali tirakat manèh.

 Olèhku suwita ana ing Kabupatèn Madijun mau baṭiku: bisa oleh sinau tata-krama, tembung-tembung sarta tjarané ngresiki awak, apa manèh bab kabesusan kang aran patjakan. Nalika kamas njuwun aku marang rama, kabaré nganggo ngaturaké kesagahan arep mulang aku bab nulis sarta lija-lijané kaja ana ing pamulangan. Nanging tibané ora ana kang netes.

 Aku ija sinau sabukan barang. Sabukaku kentjeng tur singset, marga kepéngin mbangkèk, sarta manèh perluné njuda krasané luwé. Jèn bengi paturonku ana ing kamaré kangmas. Ing kono ngisoré ana: Klasané.

 Kangdjeng nalika semana nggalih jasa srimpi rong prangkat: saprangkat wadon, saprangkat lanang, mapat-mapat. Aku diḍawuhi kangmas: manawa ana karsané kangdjeng aku ingandikaké dadi srimpi, aku gelema. Aku ija njaguhi, ora nganggo mikir kedadéané sarta ora ana krasa isin. Ana botjah kantjaku punakawan sidji aran Mas Achmad, putrané swargi bapak Mangunarsa, ija dipilih, ditjalonaké. Nanging ora gelem, sebab santri tjilik mula.

 Aku sida dipilih sarta sida gelem. Sanḍanganku banget ora kopèné, djaritku mung sing enggoné anggawani embok baé, garapané kasar sarta ala tur wis bawuk, Boḍoku semana nganti bisa krasa utawa ngreti jèn iku ala. Nanging aku ora ngresula, ora ngredatin sarta ora duwé karep ndjaluk menjang embok utawa njuwun marang rama. Karo déné manèh ora duwé pangarep-arep oleh saka sapa-sapa. Dadi mung apa anané, iku dakanggo, tanpa pikir mengkéna lan mengkéné. Iku mesṭiné ija kegawa saka keṭulé pikirku.

 Kelakon srimpi wadon diwulang. Lebar wadon bandjur lanang. Tutug djam 12.—. bubar, mangsané ḍahar. Mengkono iku saben soré. Wiwit aku gelem dadi srimpi rada kerep oleh pangandika saka kangdjeng, kang pantjèn aran ketudju ḍéwé. Mauné mung saka katut kang-mas aku sok kesruwé, sabab kangdjeng priksa, jèn kangmas tresna marang aku, mulané kangdjeng ija kudu katut katon tresna marang aku.

 Sega tjaḍongku diunḍaki setitik, lawuhé ija wuwuh, Kangdjeng ḍéwé sok maringi panganan marang aku, arupa geḍang goreng setugel nganggo gula pasir. Manawa penggalihé pinudju dangan, geḍangé sidji wutuh, mung ditjuwil setitik. Nanging aku dèk samana ora rumangsa tampa sih.

 Bab pasinaonku ndjogèd sadjaké katon unggul, kantjané lanang-lanang wanguné bobrok kabèh. Saben ana srimpi wadon lara, lunga utawa alangan lija-lijané srimpi lanang libur, awit aku dibandjelaké marang srimpi wadon. Lawas-lawas bandjur tetéla jèn srimpi lanang ora bisa dadi sarta ora ngremenaké. Déné srimpi wadon sing sidji lara presasat adjegan. Mulané srimpi lanang disuwak, srimpi wadon didadèkaké, saben soré ambal ping pinḍo. Aku adjeg dibandjelaké. Srimpi

16