Garèng : "Pakenira punika anèh, ki lurah. Sampun ingkang tijang alit Ngajogjakarta boja sami gumuna, tijang manira ingkang sampun dados warga geminte Batawijah-Centrum enggèh tumut gembira sanget."
Pétruk :"Puniku sampun saleresé, kang bekel. Tjobi pakenira raosaké. Manira rak mentas kétjalan pepunḍèn, mangka ladjeng angsal lelintu, lah rak mesṭi bingah sanget. Nalika surud dalem ingkang Sinuhun séda kondur, kados punapi besaos gogragé tetijang ing Ngajogja ageng alit.
Sapunika sampun pinaringan panglipur, angsal pepunḍèn énggal, Loh, sinten tijangé boja mongkok, enggèh boja kang bekel?”
Garèng : "Enggèh ḍi gebajan. Raos pakenira pantjèn djoḍo kalijan manira. Anamung menawi manira, ingkang manira mantepi sanget puniku namung saebab."
Semar:"Bab tetingalan kalijan bab kenḍurèn, rak enggèh ta?
Garèng : "Hijah mbok sampun ngaten, ki lurah, Prekawis seneng-seneng puniku, manira anggep nomer kalih, Ingkang manira mantepi puniku, déné ingkang sami ngrenggani pradja Kedjawèn puniku terus menerus moḍèren, inggih penggalih dalem, inggih djembaring pangawikan dalem. Mekaten puniku, saking panginten manira, mesṭi ageng sanget dajané ḍateng wontenaning pradja dalah tijang-tijangé alit.”
Pétruk: "Saja sageḍagan puniki kang bekel. Ngarsa dalem sapuniki ḍasaré sampun mentjit sanget pasinaon dalem, sebab tjara tijangé alit nganten : sampun angsal ḍiḍikan pamulangan luhur, dados wawasan dalem temtu wijar sanget, Mangka sampun priksa Eropa ingkang
172