Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/175

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

modèren, dados boja kétang sakedik, pangawikan dalem wau mesti wènten ingkang kaebèraké kanggé njaèkaké panggesanganing tijang alit. Kedjawi punika, manira sitingarah purun mestèkaké, jèn kawontenaning pradja sarta tetijang alit ing Ngajogja mesti badé mindak saeé."

Semar : ,,Mila, kados manira, tijang sampun sepuh puniki wèntené namung tumut ngadjeng-adjeng, sageda meningi, sukur bagé saged tumut ngraosaké berkah dalem ingkang sumrambah dateng tetijang sapradja. Manira sampun kerep meningi djumenengan nata. Saènget manira, uger wènten nata énggal, mesti ladjeng wènten barang énggal."

Gareng : ,,Pantjèn mekaten ki lurah. Barang énggal wau, sok ugi boja damel bingunging tijang alit besaos, kados prajogi sanget. Djalaran pangadjeng-adjengé tijang alit, sapamireng manira, boja wènten sanès kedjawi sami saged minak sekétja. Tetijang ingkang sami nganggur, sami ngadjeng-adjeng sageda tumunten katah pedamelan. Tetijang pekampungan ingkang radi kètèr anggèné betak, sageda ladjeng sregep sanget anggèné mangsak-mangsak. Prijantun ingkang sami ngabdi ing kraton, sami ngadjeng-adjeng sageda lestantun ngantos dumugi ing saadjalé. Tetijang ingkang taksih sami magang, ngadjeng-adeng supados tumunten tampia beslit".

Semar : ,,Gadah pangadjeng-adjeng puniku saé, mas bekel. Namung langkung prajogi, menawa pangadjeng-adjeng mawi dilambari panuwun dateng ingkang Murbéng Gesang sarta disranani tumandang."

Gareng : ,,Jèn mekaten, salebeté sami djalan-djalan puniki, suwawi sami sesarengan salat-kadjat, nenuwun mugi-mugi Ingkang Sinuhun, sumrambahé dateng tetjang Ngajogja sedaja, ageng miwah alit."

Pètruk : ,, Amin, amin ja robilngalamin."

XXXIX. DJERMAN PADOS ANGIN

Peperangan ing Eropah lèr taksih adjeg ramé sanget. Sampun wongsal-wangsul Ruslan badé nasak Mannerheim-lini ing Karelie, nanging adjeg tanpa damel. Anggènipun ndadal barisan Finlan ing saelèring tlaga Ladora, ing pangangkah sageda ladjeng nggebag Mannerheim-lini saking ing wingking, inggih adjeg boten angsal damel. Wartosipun, katah pradjurit Ruslan ingkang tiwas wonten ing peperangan, sarta katah dadamel Ruslan ingkang dumawah ing tanganipun pradjurit Finlan. Prekawis punika, Ruslan kèndel. Pawartos saking Moskow kalebet awis-awis monten. Menawi monten, inggih namung awudjud katranganipun pengagenging pradjurit Ruslan, suraosipun ,,ing peperangan boten wonten lelampahan ingkang wigatos,"

Miturut katranganipun djuru gegana Amerika, ingkang tumut ngemudèni wadya ing gegana Finlan, pradjurit gegana Ruslan punika pantjèn kirang prigel anggènipun ngéguhaken montor maburipun. Le-