Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/173

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ting karebet pating karèbèt, kados pepindaning tangan maéwu-éwu sami pating kelawé, asung pahargjan widada dateng ingkang saweg tampi nugrahaning Pangéran, pinilih dados pepundèning tetijang ing Ngajogjakarta.

Ing kala punika ing salebeting kraton kèbekan para abdi dalem ingkang sami sowan. Ing tratag Bangsal Kentjana tuwin Prabajasa kèbekan sekar bokèt pisungsung saking pundi-pundi ngantos mlabar. Djam 9.25 kagungan dalem gangsa kratos Kjai Hardjanegara dipun tabuh gending Sri Mataram, suwaranipun araos anenangi dateng manah grengseng. Sasuwuking gangsa Kjai Hardjanegara dipun sambet ungeling kagungan dalem gangsa Kjai Hardjamulja. Para abdi dalem ingkang sami sowan wonten ing ngriku sampun samapta sedaja, amadjibi dateng padamelanipun pijambak-pijambak.

Djam 9,58 K.G.P.A.A. Mangkunagara sekalijan G.K.R. Timur sowan mlebet, kinurmatan ungeling gending Puspawarna. Ing ngriku G.R.M. Daradjatun, ingkang badé djumeneng nata, sampun mangagem keprabon mapang K.G.P.A.A. Mangkunagara, kaatjaran lenggah wonten ing bangsal Kentjana.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
PASAMUAN DJUMENENGAN DALEM INGKANG SINUHUN H.B.IX


Semar : ,,Mas bekel Nala, sampun gedigrag-gedigrug, suwawi radi disengkakaké, mangké mindak boja komanan papan."

Garèng : ,,Wèh kjainé, kijé, nedya ngadjak bagongan terus. Babo Ma, manira ladosi, ngadjak pinten dinten. Manira punika, menawi namung diadjak ropjan-ropjan besaos, lah mbok enggèh dumugi pungkasaning djaman......... sagah sanget, ki Lurah."

Semar: ,,Anu mas bekel, manira waru sajektos ragi kagèt. Kinten manira, adi pakenira mas gebajan Kantong-bolong boja sowan ningali, déné wingènané taksih ridong-ridong pareman beras kentjur, lah kok ladjeng andjèhèh wonten wingking manira."

Garèng : ,,Leres di gebajan. Tjara Djawiné : ngalap berkah. Saboja-bojané ngarsa dalem saweg tampi kanugrahan ageng, sawab dalem mesti enggèh tumular dateng tetijang alit. Apesé, manira sami saged ningali tetinggalan warna-warni, tur boja susah tjutjul ragad."

Semar : ,,Enggèh menawi namung nijat nglurug seneng-seneng presasat ébah sedaja, tumplak satjindilé abrit sami tumut manira raosaké, salebeté sowan ningali punika, manah manira wontené namung gumun-ngungun ples mindu. Ingkang manira gumuni puniku, ombjaking tijang Ngajogja, lah kok semanten hébaté. Tijang sa-Djogja presasar ébah sedaja, tumplak satjindilé abrit sami tumut mahargja. Mangka sedaja ketingal sami gembira, upami tjara kempalan, ing batos saèstu sami surak ,,hidup-hidup-hidup !"

171