Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/169

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Ing batin aku rada ḍeg-ḍegan, Truk, mengko gèk kanḍa : Ija, wis, njang ngomah baé, ora perlu lunga. Nanging djebul ora, malah saja marah-marah, kanḍané : "Apa, emoh lunga, wong lanang gawéné mung arep gawé isin wong wadon baé, daran-daranana aku sing menging, aku sing ngélikaké. Ora kena ora mesṭi mangkat, hoor !. Hla kuwi Truk, karo mingseg-mingsegaké aku bandjur muni mengkéné : "Ija karo, kowé ta buné?” Kuwi karo tjekak aos, bakjumu kanḍa mengkéné : "Ora susah kakèhan omong, kowé mangkat ḍéwé, habis prekara.”

Pétruk : "Wé, hla metu kadigdajané, kang Garèng, dadi tjekaké bakju diapusi melèk-melèkan ané, Wis, wis, kang. Garèng, saiki wis tekan ing panggonan sing kanggo ambukak. Ajo paḍa golèk papan lungguh.”

Garèng : "Wis, kono lungguha ḍéwé, aku arep golèk panggonan sing tjeṭa kanggo ngotrèk.”

Pétruk (grundelan): "Wèh, njamari ṭok baé, kang Garèng kaé. Wong ḍèwèké kuwi sok ora ngerti duga prajoga, mengko gèk ........hla, lidok........"

Garèng : "Ḍijem — ḍijem — ḍijem.”

Pétruk : "Wis, tjilaka temenan, motrèt wong akèh, kaṭik dipaḍakaké motrèt wong sidji loro baé nganggo ngabani. Mara, tuwan ber-

167