Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/168

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

saka prigelé tangan. Nanging sanjatané mono rama iki pantjèn kena tak-arani waspada, priksa menjang semu.”
Semar : „Nèk kanggoné aku, Nalagarèng, adja manèh menjang klébat kang tjeḍak ora weruha, senadyan kang adoh-adoh aku isih tjeta.”
Pétruk : „Kuwi dudu pasemon, nijaté ngarani mentah-mentahan. Nanging jèn aku iki, pantjèn barès, mung ḍapur ngitjipi, nanging angèl anggonku ngarani énaké ana ing ngendi. Bareng wis katog, keterangané djebul énak kabèh, bumbuné sarwa semeḍengan. Iki baṭiné wong duwé bodjo pinter olah-olah.

PASAR GAMBIR

Garèng: „Wah, Truk, delengen gapuraning Pasar Gambir, kaṭik kaja kuwih tar. Kaé, lo, sing djenengané konengen-krun, tur konengen-krun … tèdji.”
Pétruk: „Waduh, kaṭik kaja djaran, diunèkaké tèdji. Kang Garèng, saiki kowé lan aku iki pada matjak gadjah, dadi tjara prijaji deles. Nèk aruh-aruh ambok adja seru-seru, delengen wong-wong paḍa nolèh mréné, daran-daranana kéné mengko rak mung mèmper karo pjaji baé, tegesè: dadi dudu … pjaji. Ora kang Garèng, kok kadingarèn temen, teka ana ing Pasar Gambir, kaṭik ora kambi bakju, apa saiki kowé wis … menang.”
Garèng : „Nèk aku iki sédjé Truk, wong ija kanḍiḍat … suwarga, emoh njang padon-padon kuwi, luwih-luwih njang bodjo ; sabisa-bisa kudu arep tansah gawé leganing atiné baé. Mulané tumrapé bakjumu, sing dak tjekeli ija unèn-unèn mengkéné kaé : sing kena iwaké, adja nganti buṭek banjuné. Bukaké Pasar Gambir iki, aku kepéngin nonton déwé; amrih bisané klakon, bandjur daktindakaké mengkéné: Ana ing ngomah aku kanḍa karo bakjumu :

„Buné, buné, wèh, aku seneng banget, mulané poma sapisan kiji nèk kowé gelem mituruti pandjalukku, tjekaké : namaku mumbul. Kosok baliné jèn kowé ora gelem mituruti karepku, wah ija adjeg mung mas ngantèn Garèng baé. Lo, terangé mengkéné buné. Bésuk bukak Pasar Gambir iki aku olèh uleman, dadi dianggep : ndara geḍé kaé, nanging anggonku olèh uleman iki, sabeneré mono ketarik saka anggonmu dadi pemimpin kumpulan wanita. Djaréné ana ing kana papan kanggo pemimpin-pemimimpin iki wis disepisalaké (dipidjèkaké), tur ngégla banget. Waḍuh, nèk garwané aku lenggahé ngégla katon para panggeḍé-panggeḍé, mesṭiné paḍa aruh-aruh : Lo, sing bregas tur kandjat kaé rak mopro Nala, ta? Mara, apa djenengku ora katut dadi kembang lambéné para luhur ?
Takkanḍani mengkono kuwi wangsulané karo njengap: „Emoh, emoh, aku dudu sapi, kaṭik arep ditentunsetélingaké, aku arep ana ing ngomah baé”. Ing batin aku: Ha-ha-hak, horé, nanging raiku dakgawé sadjak ngenes banget kaé, sarta bandjur kanḍa karo ngrintih, mengkéné : „O, Allah, buné, sepisan kiji ambok turutana, jèn nganti kowé ora milu, aku rak ija kisinan banget, mulané … wis, ah luwih betjik aku tak njang ngomah baé.

166