Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

gemister anggoné ..........lèngseng nganti lèrèh. Bokmenawa jèn di..........selop pulisi.”

Welandi djèdjèripun : "Sèh, menir, itu orang siapa ...... betul-betul tidak tahu aturan !”

Pétruk: "Wah, wong saja djuga tiḍak tahu. Kenal-kenal ija tjuma disini sadja. Malah tadinja saja kira orang rada sakit kentjlung........."

Garèng : "Sapa, Truk, sing kentjlung........?”

Pétruk : "Set, Landa djèdjèrku iki, wong sampanje duwèkku djaré ditenggak wani. Ora, kang Garèng, anggonmu motrèt olèh pira, lan kira-kirané apa ija dadi ?”

Garèng : "Anggonku ngotrèt rambah kaping nem, Truk, nanging dadi utawa orané, hla, kuwi embuh. Wong-wongé obah kabèh, karo manèh wong ija ......... ora ana pilemé.”

Pétruk: "Wé, hla, anggonmu motrèt-motrèt kuwi mau mung kanggo gagah-gagahan ṭok baé, Lo, kang Garèng, sadjaké wis rampung tata-tjarané ambukak Pasar Gambir, tanḍané wong-wong wis paḍa ngadeg kabèh. Lo, lo, èprèt-èprèté wis labuh muni, arep diwiwiti bebarengan keliling ana ing papan Pasar Gambir. Ajo kang Garèng, paḍa milu”.

Garèng : "Nèk milu kliling aku ora mupakat, Truk, kang sepisan lakuku mesṭiné kiṭal, Sebab lija-lijané anggoné paḍa mlaku, temtuné manut genḍing, dadi nèk genḍingé : todjing, todjing, lakuné ija: ṭoprak, ṭoprak, balik aku........"

168