Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/167

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pétruk: „Wé, hla, kaé kenang apa, kang Garèng, sadjaké mentjak-mentjak nesu njang supir. Ajo, bakju, utawa makné Kamprèt, kang Gareng paḍa diparani. Kang Garèng, kang Garèng, sadjaké kok nesu temenan, kenang apa, kenang apa ?"

Garèng: „Sing ora nesu baé sapa, sopir kaṭik kurang adjaré ngentèk ngono! Hla wong ditakoni betjik-betjik, kaṭik anggejuju. Apa dikira jèn aku ora duwé ḍuwit apa? Ing mangka pitakonku tjara Mlajuné rak ija tjeṭa, ta, mara, rungokna, apa Mlajuné kurang ganep: Bang, séwanja taksi dari sini sampé dirumah bapak saja, berapa .... ?"

Pétruk: „O, ija mèmper nèk si sopir mau gumuju, ora sabab tjara Mlajumu kurang djangkep, nanging pitakonmu kliru. Sebab si sopir rak ora sumurup omahé ramak, teka ditakoni „Pira séwané taksi saka kéné tekan ing omahé bapak, mesṭi baé ḍèwèké bandjur gumuju. Wis paḍa nunggang baé kabèh, mengko bajarané taksi, tak urusé ḍéwé baé."

WONTEN ING GRIJANIPUN SEMAR

Sadumuginipun ing grijanipun Semar, Garèng lan Pétruk sasémahipun udjug-udjug ladjeng sami andum damel. Bodjonipun Pétruk anggoreng-goreng, Petruk ingkang dados tukang itjip-itjip, bodjonipun Garèng lelados, Garèng ngampiraken.

Semar: „E, laé, suwargané wong tuwa kuwi ora kaja wong kang isih rinubung ing anak putu. Jèn nudju ing dina lebaran ngéné iki tansah dipunḍi, diadji-adji, diemi-emi, mung tansah mangan énak, nganti kaja sepur kilat, dur-duran, ora ana lèrèn-lèrèné. Aḍuh, mantuku tuwa, anggoné ngladèni mula ija prigel, lakuné ḍoḍok nganti kena diwilang, iramané alon. Jèn ora kebeneran, tekané ing ngarepku, mung kèri piring tok."

Garèng: „Rama iki mesṭi njemoni aku, diarani aku ngelongi redjeki ana ing dalan. Nijatku rak ora ngono. Tinimbang pating klaprèt, rak betjik diresiki ḍisik. Déné katutan sing ana tengah, iku rak djalaran

165