Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/166

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Bijang Nala : "Ora ḍi, wong kertuku mung goḍong-goḍong kabèh. Aku tak pas baé. Wis, ḍi, saiki kowé wiwit."
 Pétruk: "Mengko sik, wong ija kowok papat, betjiké dublir (didobel). Saiki takngetokaké iki baé : as (tjengkèh)."
 Bijang Nala : "Bener, bener, terus ḍi! Ajo, kertuné kuwi dibukak kabèh, Sing main rak ija makné Kamprèt. O, samber gelap, kudu tak kruwes baé irungé. Mulané udjug-udjug wani kowok papat. Wong ora duwé tjengkèh, lagi arep metu sepisan baé, wis di.........trup !
Garèng : "Wé — wé — wé — wèh, Irung kaṭik ditjènèng sakepénakiranèki ngono, apa rumangsané irung saka karèt apa?”

 Pétruk: "Wis, tjilaka, sing kula-nuwun-kula-nuwun kaé, kaja-kaja kaumé. Buné, buné, énggal pada kukutana kabèh, nèk nganti kaumé weruh paḍa main bridj, rak ija muring-muring temenan. Hla wong malem bakda pantjèné kudu. tebiran, djebul, njekel kertu mengkéné; mengko baé, bakju, nèk kaumé wis lunga manèh, paḍa dibandjuraké,

DINTEN LEBARAN

 Garèng ḍateng supir taksi: "Bang, bang; taksi tiḍak dipaké? Bagus, brenti sebentar! Brapa, bang, séwa taksi dari sini sampé dirumah bapak saja? Lo, kok ketawa, sembrana, ditanjaki prijaji kok ketawa-ketawa, aku tidak mau gegujon, sèh. Tidak ngerti, buwat apa,

ḍong, djadi sopir taksi ? Aku dadi tanjak : Ongkosnja taksi dari sini

kerumah bapak saja, berapa? Lo, kok ketawa lagi, wé, lah, mémang sembrana betul, kowé itu, supir, Ini prijaji, prijaji!”

164