Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mriksanana ing patamanan, ing ngriku saged ketawis kanṭi tjeṭa éwahing wewudjudan ingkang anggambar panggraitaning manungsa.

Rikala manungsa paḍang ledjar ing manah, sedaja isèn-isèning patamanan ketingal angresepaken, nenarik ḍateng ajem gujeming manah. Ing wantji akiring dinten idjeming gegoḍongan semburat djené maja-maja déning sunaring surja ingkang sampun napak agraning ardi, suka asrep lan étjaning paningal.

Sesekaranipun ingkang peṭak pating paletuk, sumela ing antawising idjem, ladjeng ketjampuran pinten-pinten warnining sesekaran, abrit, djené, biru, wungu, mubjar pating parelok, mewahi gesanging paningal, numusi weninging panggardjita. Witwitanipun angrembaka, wohipun pating granḍul abrit, idjem sarta djené, sumelap ing sela-selaning goḍong, menawi katijub ing angin lumampah, gegeḍongan pijak, satemah woh sami sesénggolan, ingkang wingking ndosok ingkang ngadjeng, kados sami ngadjak sarengan madjeng, njelaki panggénaning manungsa supados kaunduhana. Wonten malih ingkang adamel leganing manah, inggih punika mawar ḍaḍu, ketingal sampun boten saranţa, kaselak mempeng anggènipun badé angsung pakurmatan ḍateng risang manungsa, saking katebihan sampun mapagaken ganda sumrebak arum, lan angébaraken listyaning warni. Katjakrabawa ing gagasan kados-kados pun mawar adjelih-djelih mawi swara wening: „Ḍuh, manungsa, boten itjal anggèn paduka rekaos angupakara ḍateng djasat kula. Sumangga kauninganana saéning warni lan aruming ganda kula. Suwawi, ta, énggal, kula nunten kapeţika kanggé pasréning médja panjeratan."

Sapunika kula aturaken kosok wangsulipun, tijangipun tunggil, inggih ingkang kula tjarijosaken ing nginggil, nanging anggenipun ngraosaken kawontenaning patamanan ugi tunggil ingkang kasebut wau, teka gèsèh sanget kalijan kala semanten. Rerengganing taman ingkang sarwa asri boten pisan-pisan adamel sengseming manah, malah-malah mewahi sumpeg lan petenging gagasan, anenarik kèngetan ḍateng anakipun pambadjeng ingkang sampun ontjat saking djaman kalanggengan kala ing dinten wingi. Mulat sesekaran mantja warni deḍompolan urut putjuking pang alit-alit ingkang mantijung ing margi, kèngetan ḍateng sekar ontjèn ingkang sumampir ing bandosaning lajonipun anak. Sawenèhing wit ketingal laju angalentrih kabekta saking bentèring surja, goḍongipun wolak-walik boten tata labet kasilir ing angin, katjakra bawa kados kalanipun ningali garwa karuna kelara-lara, agegulung, ngantos wuḍar gegelungipun, adowal-dawul, sesambat anganjut-anjut suka lila kabélakna ḍateng sirnaning manik kumalanipun. Sanalika kuwur raosing galihipun risang nahen kung, angles anggeges keranta-ranta, ing satemah marawajan wedaling waspa, suwung ing gagasan, ingkang kétang namung putra ingkang kinjarengi putjanging djambé mijad-mijud katut ing angin, ketingal kados béla sungkawa, papahipun mobat-mabit, éstanipun pinda asta sarikutan angusapi ḍresing waspa. Saja trenjuh raosing galihipun risang nanḍang sungkawa, wasana kalépat mlebet ing padaleman, ungkeb-ungkeb nungkemi guling, raosipun metek, tanḍes kanḍas ing deḍasaring sanubari.

157