Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tuhu temen bilih kawontenaning alam punika kénging kaanggep katja benggala ingkang saklangkung tjeṭa. Ing ngriku sok tijanga saged ngungak anjumerepi gambar kawudjudanipun pijambak-pijambak, malah ugi sedaja lelampahan, obah osiking manah saged katjeṭa ngégla wéla-wéla. Pramila langkung saking prajogi mitontonaken badanipun ing salebeting katja benggala wau, murih tansah ènget ḍateng ing lelampahanipun, temahan saged pramana ḍateng pilahing awon lan saé.

(Serat gantjaran warni-warni ing
djaman sapunika. Ingkang ngim-
pen R. L. Mellema.)


XXXV. NGANTJIK ING LALADAN MESIR

Salebetipun pun Wilis ngambah seganten Abrit, kula waspadakaken tojanipun ing ngriku, inggih pantjèn wonten bédanipun, saking sawangan kula tojanipun kirang bening, kala-kala ngantos-ketingal reged, sakiwa tengening baita asring ketingal kados wonten blumbangan wijar, ingkang tojanipun ules djené reged, bokmenawi inggih toja punika ingkang kala mangsa saged ketingal abrit, ngantos saged andadosaken karanipun seganten Abrit.

Pun Wilis nilar pulo Perim ladjeng wiwit ngambah seganten ingkang mangka watesipun seganten Adèn kalijan seganten Abrit, inggih punika ingkang kawastanan ing tembung Arab: Bab El Manḍeb (gapuraning eluh), sesampunipun katradjang, ing ngriku ladjeng ngambah seganten Abrit.

Saitjalipun pulo Perim saking panḍulu, ingkang katingal kantun langit kalijan toja, éndjingipun ngantos sedinten muput lestantun mekaten, dinten ingkang kaping kalih mekaten ugi, nanging sareng dinten angka katiga, ing kéblat lèr ketingal wonten ḍaratan andjlarit, inggih punika pasisir Arab ingkang sisih kidul. Saupami lampahipun pun Wilis radi sawetawis mangalèr, katjrijos kiṭa Djédah, kiṭa pelabuhanipun tanah Mekah tuwin Medina, saged ketingal grija-grijanipun. Menawi wektu dalu inggih saged ketingal dilah-dilahipun. Sarèhning pun Wilis lampahipun boten medal ing pinggir, bokmenawi saking ambudjeng énggaling lampah, dados sadinten muput tanah Ngarab inggih lestantun namung ketingal sadjlirit, panggeng boten minḍak wijar boten minḍak pandjang.

Salebetipun ngambah seganten Abrit pun Wilis simpang-simpangan kalijan baita langkung saking gangsal, nglantjangi baita watawis wonten saking sedasa, dipun lantjangi namung sepisan, dados jektos menawi lampahipun pun Wilis pantjèn rikat. Baita-baita ingkang dipun lantjangi lampahipun déning Wilis, utawi ingkang kapeṭuk wonten ing margi, saking katebihan prenahipun asring boten ketingal bendéranipun, nanging menawi kaleresan saged tjelak, inggih ngantos saged maspadakaken gatra-gatraning satunggil-tunggiling tijang utawi barang. Menawi ing wektu dalu, tebiha, tjelaka, kénging kawastanan boten wonten prabédanipun, djer ingkang ketingal namung dilah-dilahipun, mangka tebih tjelaking antawis boten ngéwahi ḍateng mompjor-abjoring dilah-dilah wau.

158