Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Kaleresan wekdal wau ing radinan ageng boten wonten tijang langkung satunggal-tunggala, mila ketipungipun Kramaléja ingkang kakalungaken ing gulu, saha guguripun Ki Djasana ladjeng sami kadadosaken setunggal, namung dipun tjangking kemawon; tembem pentulipun ingkang nutupi rai, sami dipun pendjulukaken manginggil; urut margi sinambi ginem kados pundi wusananipun ingkang dipun lampahi; menawi saben dinten namung tansah kados mekaten kémawon, dangu-dangu baḍé tuman dados tijang mbebarang.

Tijang kalih wau sadangunipun rembagan ragi ketungkul boten ningali kiwa tengen, lampahipun keplantrang nglangkungi radinan ingkang dipun anggé kèndel tijang kalih wau (Ki Tanudjaja lan Bagus Burham). Kramaléja tuwin Ki Djasana boten sami ngrempelu bilih ingkang sami dipun upadosi saweg ngaub wonten ing ngriku. Bagus Burham boten pangling ḍateng Kramaléja, ingkang ing wekdal punika nganggé pentulipun kapendjulukaken manginggil, ladjeng dipun tjeluk kapurih kèndel. Kramaléja tuwin Ki Djasana sami boten pangling ḍateng ingkang unḍang-unḍang, mila ladjeng sami dipun purugi; sareng sampun tjelak, Ki Tanudjaja ladjeng dipun rangkul kalijan Ki Djasana, kekalihipun ladjeng sami nangis, semanten ugi Kramaléja tuwin Bagus Burham ugi ladjeng sami tumut nangis. Ki Djasana ladjeng ngekep-ngekep Bagus Burham awit saking kasoking kabingahan, pangekepipun boten uwal-uwal, dangu-dangu Ki Djasana ladjeng kesambet. Sareng sampun ènget, sumerep warninipun Bagus Burham kera sanget, praènipun ketingal geseng kados tijang nganḍut susah, sakelangkung welasing manahipun, ing mangka nalika taksih wonten ing negari Surakarta, rinten dalu boten pisah kalijan Ki Tanudjaja, baḍanipun lema, kulitipun djené, labet saking dipun ugung ingkang embah, saben dinten lumintu dipun paringi samukawis ingkang ndadosaken kabingahanipun, déné sapunika ngantos anglampahi ingkang ngantos adamel trenjuhing manah, mila Ki Djasana ngantos kawedal witjantenipun njenjuwun ḍateng Ingkang Adamel Gesang: „Mugi Gusti Allah mberkahana dateng putu kula Bagus Burham, ing. tembé dadosa pangauban, kénginga kula titipi badan kula."

Saking temen saha manteping manahipun, Ki Djasana ngantos saged amenangi anggenipun Bagus Burham dados abdidalem kaliwon pudjangga, Mila Ki Djasana ladjeng kadadosaken parampara ngiras njepeng pawedalipun Radèn Ngabéi Ranggawarsita (Bagus Burham). Sareng Ki Djasana tilar donja, ladjeng kapetak wonten ing ngastana Pengging, kadèrèkaken Radèn Tumenggung Sastranegara.

(Serat Babad, tjarijos lelampahanipun suwargi Radèn Ngabéi Ranggawarsita).

XXXIV. PATAMANAN

Menawi dipun raosaken isèn-isèning djagad punika kados manut panggraitaning manungsa, upaminipun menawi tijang abingah-bingah, sedaja kaanan sami ketingal sumèh lan bingah; kosok wangsulipun inggih mekaten ugi. Mangka kajektosaning atur kula punika, tjobi

156