topèng, perlunipun kanggé aling-aling, bokbilih kapetuk tetepanganipun tijang Keḍiri, boten sanget-sanget anggenipun lingsem. Punapa déné malih mupangatipun, ,,saged njumerepi boten saged dipun sumerepi." Pemanggihipun Ki Djasana ingkang kados mekaten wau Kramaléja sanget anggènipun tjondong; sareng sampun mateng rembagipun, Ki Djasana sanalika ladjeng menḍet arta sekawan réjal katahipun, kanggé tumbas kapal képang kalih, tuwin sapirantosipun. Tirahanipun katumbasaken kenḍang alit kalijan gugur. Punika swaranipun kados slomprèt, pirantos tabuhanipun tijang mbarang djatilan. Sareng sampun pepak, ladjeng wangsul ḍateng pondokan malih; tijang kalih sami dandos, sarampungipun ladjeng bidal. Nalika saweg djumangkah ing lawang tijang kalih sami sakelangkung anggènipun nalangsa ing manah ḍateng Ingkang Adamel Gesang, déné sami angurbanaken badanipun dados badut mbarang djațilan. Kramaléja nganggé pențul akalung kenḍang, Ki Djasana nganggé tembem njangking gugur. Urut margi kenḍangipun taksah tinabuh ngaplak alelagon warni-warni; guguripun sinebul bantas adamel gembiraning tijang pating grubjug ningali. Kramaléja pantjèn gadah dasar tjutjut, prigel ḍateng samukawis, Ki Djasana saged ḍateng sesendon, mila pambarangipun djațilan ketingal laris sanget. Katah para prijantun tuwin para sudagar ingkang sami nanggap, saking larisipun, tijang kalih wau ngantos boten kober nginang utawi udut, paribasan dèrèng bibar sampun dipun entosi ingkang badé nanggap gentos. Saking kondangipun, ngantos dados sekar laținipun tijang Madijun, sandung djekluk, ,,djațilan Kramaléja, senggakané Ki Djasana!" Mekaten wau boten ngemungaken tijang alit kémawon ingkang sami ngutjapaken, dalah para prijantun ugi sami nirokaken lelagonipun djațilan Kramaléja; senadyan kondangipun sampun ngebaki kita Madijun, larisipun ngungkuli bakul ingkang pados sétan, éwa déné tijang kalih wau manahipun boten korup ḍateng kațahing jatra angsal-angsalanipun ambarang; ing salebeting manah boten kendat panjuwunipun ḍateng Ingkang Adamel Gesang, mugi-mugi tumunten sageda kepanggih kalijan Ki Tanudjaja tuwin Bagus Burham, mila Kramaléja tuwin Ki Djasana sedinten-dinten boten kendel-kèndel anggenipun mbarang djațilan. Menawi boten keplantrang, tijang kalih wau saben sonten sami mantuk ḍateng pondokanipun, déné menawi ngantos keplantrang, inggih ladjeng sipeng, tilem wonten ing purug, bibar tiga kawan dinten temtu ladjeng wangsul ḍateng pondokan malih.
Katjarijos ingkang saweg namur lampah, pambarangipun djatilan Kramaléja kalijan Ki Djasana, wiwit éndjing ngantos dumugi asar inggil, boten patosa katah ingkang nanggap, mangka sabenipun laris sanget. Saking katahipun ingkang sami nanggap, paribasan boten kober sami nginang, nanging ingkang mekaten wau malah ndadosaken bingahing manahipun, déné ladjeng saged mungkul anggènipun ngulatulataken ḍateng ingkang dipun upadosi, sarta tudjuning manahipun sami tebih ḍateng pamrih bebarangan. Wontenipun sami dipun lampahi sami mbarang djatilan wau, saking awratipun kautus ing bendara; boten kétang dipun lampahi wirang isin anggeripun pinanggi kalijan ingkang dipun padosi.
155