Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ki Djasana. Sareng sampun tamat ladjeng dipun tjelaki sengadi ngupados latu kanggé udut. Ki Djasana ngéwahi linggihipun kalijan gita menṭetaken ṭiṭikanipun, ladjeng dipun ulungaken kalijan taklim. Kramaléja anggènipun nampèni kalajan anor-raga. Sareng sampun rampung pangagaripun ladjeng kawangsulaken ḍateng Ki Djasana malih, kalijan pitakèn sinten namanipun, sarta ing pundi grijanipun. Ki Djasana mangsuli kalajan tembung manis, prasadja bilih tijang saking negari Surakarta, abdinipun Radèn Tumenggung Sastranagara, prajagung bupati Kadipatèn Anom. Dumuginipun ing kita Maḍijun kautus amadosi ingkang wajah nama Bagus Burham, kabekta déning pamomongipun nama Ki Tanudjaja. Mula bukanipun sampun katjarijosaken sedaja, ngantos dumuginipun Ki Djasana kepanggih kalijan Kramaléja punika.

Ki Djasana ladjeng gentos pitakèn ḍateng Kramaléja, nama sarta grijanipun. Kramaléja ugi ladjeng mrasadjakaken namanipun, abdinipun Kjai Imambestari ing ponṭok Gebangtinatar, kita Panaraga; déné perlunipun ugi kautus ngupadosi Bagus Burham tuwin Ki Tanudjaja. Saladjengipun Kramaléja njarijosaken djalaranipun anggènipun Ki Tanudjaja kaḍawuhan késah saking Panaraga, ngantos dumugi kaḍawuhan ngupadosi punika, sarta njarijosaken nalika pijambakipun tilem wonten ing Senḍang, supena dipun gugah ing prijantun sepuh sampun akaki-kaki, ngantos saged kepanggih sajektos lan Ki Djasana, mila Kramaléja lan Ki Djasana sami nglairaken gumuning manahipun ḍateng kaélokan ingkang saweg sami dipun awaki tijang kalih wau. Dèrèng ngantos dumugi anggènipun sami pirembagan, ladjeng kabudjeng ing wantji seraping surja, Kramaléja ladjeng dipun adjak ḍateng ponṭokanipun Ki Djasana. Sadumugining grija ladjeng ndumugèkaken panggusțining manah sapikantukipun, ingkang prajogi sami dipun lampahi.

Sontenipun bibar sembahjang Mahrib lan neḍa sawontenipun, tijang kalih wau ngladjengaken rembagipun malih. Saking pirembagipun Kramaléja, menawi wantji sijang baḍé katlengseng ḍateng salebeting kita. Ki Djasana mangsuli, bilih salebeting kita kémawon prasasat sampun kemput anggènipun ngupadosi, malah ngantos dipun labuhi mbarang ura-ura, éwadéné meksa boten saged pinanggih. Kramaléja ladjeng njambeti, kalajan semu gumudjeng: „Saupami.......saupami mekaten kénging wangsul, menggah anggènipun sami madosi wau mawi warana kados tijang mbarang djatilan, Ki Djasana punapa saged nglampahi ?" Pangraosipun Kramaléja, sarèhning sampun wonten ing teba, menawi manahipun kaisènan ing isin, ingkang badé dipun isini sinten, tuwin ingkang badé ngisin-isin sinten, amargi tijang ingngriku dèrèng wonten ingkang sami sumerep ḍateng pijambakipun tijang kalih wau. Menawi saged kelampah, bilih Ki Tanudjaja tuwin Bagus Burham taksih sami wonten ing Maḍijun, tijang kalih boten usah ngawasaken kiwa tengen, ingkang dipun upadosi temtu baḍé kepanggih, amargi tijang kalih wau pantjèn éwoning tijang ingkang remen ḍateng tetingalan, dados saupami anggènipun mbarang djațilan wau pinudju katanggap utawi bébér, Ki Tanudjaja tuwin Bagus Burham temtu ningali.

Wangsulanipun Ki Djasana, „saged" nanging kedah sarana mawi

154