antukaken ḍateng Surakarta. Ewadéné menawi taksih dipun ladjeng-ladjengaken, ingih mesti baḍé kaantukaken ḍateng Surakarta, prelunipun sampun ngantos nenulari ḍateng kantja-kantjanipun.
Sareng saja dangu boten wonten inḍaking kasagedanipun, Ki Tanudjaja ladjeng dipun timbali ḍateng ing ngarsanipun kangdjeng kjai Imambestari. Sareng sampun sowan, dipun paringi pangandika, kaḍawuhan njerep-njerepaken ḍateng Bagus Burham, supados tumemen anggénipun ngadji; menawi Bagus Burham, supados tumemen anggènipun ngadji ; menawi Bagus Burham boten tumunten saged kangdjeng kjai lingsem sanget, sarta dipun paribasakaken: katjang tinggal landjaran. Aturipun Ki Tanudjaja sendika. Saunduripun Ki Tanudjaja saking ngarsanipun kangdjeng kjai, sesaged-saged inggih mituturi ḍateng Bagus Burham, kapurih ngéstokaken ḍawuhipun kangdjeng kjai ḍumateng pijambakipun. Bagus Burham inggih njagahi, ananging saja lami malah tambah-tambah kasenenganing manahipun ingkang mbeborosi, ingkang suwau bentik, béngkat, tor, malah sapunika ladjeng remen keplék, grimer, kétjék, nganggur-ngangguripun ombag bèdji tuwin lumah kurep.
Bagus Burham anggènipun sinau sampun langkung saking setaun, ing mangka limrahipun sedaja laré ingkang sami sinau ngadji, saben semanten laminipun sampun mesti saged kitab kur'an, apesipun kaping kalih utawi kaping tiga. Déné Bagus Burham, sampun ingkang kitab kur'an, dateng turutan kémawon dèrèng katam, amila supados boten ngantos keparan tutuh, kangdjeng kjai mundut panimbang dateng para guru sedaja, kados pundi anggènipun njetijari, sagedipun mituhu kados larè sanès-sanèsipun. Aturipun para guru wau, sarèhning wontenipun kados mekaten wau kabekta saking pangugungipun Ki Tanudjaja, amila setijaripun boten wonten malih kedjawi namung kapisahaken kalijan Ki Tanudjaja, amargi menawi taksih dipun emong dèning Ki Tanudjaja, salaminipun boten wandé namung dados laré ingkang ugungan kémawon. Nanging kangdjeng kjai Imambestari boten mentala ngésahaken ḍateng Ki Tanudjaja, bilih boten mawi djalaran sabab ingkang perlu. Mekaten malih bab punika, saréhning sampun kapratélakaken ḍateng ingkang embah, saged ugi sanès dinten Ki Tanudjaja ladjeng dipun timbali dateng negari Surakarta.
Lampahipun Kramaléja ngutu boten mawi manḍeg tumolèh, saking kuwatos bokbilih ladjeng dipun tilar késah déning tijang sepuh ingkang kawasita ing salebeting tilem. Sareng lampahipun sampun dumugi ing alun-alun, manahipun Kramaléja teka mawi trataban kados manahing tijang ingkang sampun kangsèn, sareng saking katebihan sampun ketingal bilih sangandaping waringin wonten sajektos tijang sepuh linggih wonten ing ngriku, tjes, raosing manahipun ajem; Kramaléja sampun andugi temtu punika ingkang nama Ki Djasana, mila ladjeng dipun purugi kalijan ngawasaken ḍateng sesipatanipun
153