Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Baṭara Siwah sasampunipun paring piteḍah warni-warni ḍateng Raden Ardjuna, ladjeng musna, makaten ugi sakaṭahing para déwa resi ingkang sami ndèrèkaken tumurun ing martjapada.

Sapengkeripun baṭara Siwah bingahing manahipun raden Ardjuna boten kénging winiraos, tjiptanipun sampun boten ngantjik ing djagat paraméan punika, ontjat ing dukatjipta.

Kaantepanipun radèn Ardjuna pantes sinudarsana, bebasanipun: sing sapa temen tinemenan. Déné manungsa ingkang neḍa kasektèn, kasugihan utawi kawirjan, mangka boten dipun saranani tapabrata, tuwin memudja dateng déwa ingkang kawekas, sampun pisan-pisan gaḍah pangadjeng-adjeng baḍé kasembadan panjuwunipun. Awit boten wonten déwa ingkang paring kanugrahan dateng tijang ingkang tansah gesang sarwi ngétja-étja, boten tjegah teḍa tuwin tilem, temah angubungi ardaning pantjadrija. Tijang ingkang kados makaten punika tindakipun, boten sandé winilet ing prihatos, saha dumawah ing sangsara.

Sadaja ingkang gumelar ing djagat-raja punika gegajutan kalijan sabarang tinḍak ingkang sampun kepengker. Sinten ingkang ulah rahaju, baḍé manggih karahajon. Para sudjana saha sardjana kados boten kekilapan ḍateng pituwasipun kasetyan, inggih punika kabingahanipun manah ingkang langgeng.

(Mintaraga gantjaran).


XXXI. ARJA KUMBAKARNA MANGSAH DJURIT

Asmaradana

  1. Mawur ditya alit-alit, mantriné ndeku kéwala, Kumbakarna pamuwusé: „Anapa ingsun ginugah?" Ditya mantri turira: „Pukulun timbalanipun, raka paduka sang nata.
  2. Paduka mandjinga puri, prakawis praptaning mengsah, wanara ampuh judané, katah bupati kang pedjah, tumpes sawadyanira, Pradjangga Pragasa lampus, Mintragna lan Wirupaksa.
  3. Bradjamusti Djambumangli, Putadaksi wus palastra, Pratamadaksi parengé, miwah prawira Dumreksa, andel-andel sadaja, lan rama paduka lampus, rekjana patih Prahasta."
  4. Sigra maraub asalin, ageganḍa asesekar, prapta tumpeng lan wuduké, lan kulub-kuluban gadjah, miwah pepetjel kuda, pira-pira gutjinipun, isi baḍèg lan waragang.
  5. Kuluban gadjah binukti, rangkep sepuluh pinangan, adeḍeg anèng ngarsané, miwah gutji-gutji telas, baḍèg lawan waragang, kulub-kulub kadi gunung, tan adangu babar pisan.
  6. Tan ana kumluwer gusis, tumpeng pirang-pirang leksa, pirang keti tumpes kabèh, wusnja ḍahar Kumbakarna, ladjeng marang djro pura, prapta ngarsanira prabu, Dasamuka ngawé sigra.

144