dados djawah deres, binarung ing gelap saha ṭaṭit aliweran, swantenipun djumegur angadjrih-adjrihi. Sakeḍap sampun sirna prabawanipun djemparing latu. Hjang Pramèsṭi sangsaja kroda, tingalipun anḍik kados baḍé anggeseng bawana. Nunten ngedalaken djemparing ranté asirah naga ageng, tjangkemipun mangap agalak, kados baḍé nguntal djagat, anggilut redi. Lepasipun djemparing ranté ingiring djemparing kalaḍastra, lumarap kados kilat. Raden Ardjuna sareng sumerep, énggal mentang langkapipun, ladjeng nglepasaken djemparing garuḍa. Djemparingipun dèrèng ngantos lumepas, ladjeng katungka panempuhipun djemparing kalaḍastra. Radèn Ardjuna trengginas menḍak, wasana djemparing kalaḍastra ngéngingi genḍéwa saha rukuhipun. Temahan genḍéwanipun putung, déné rukuhipun remuk, sesotyanipun mawur. Radèn Ardjuna ladjeng tandang kroḍa, énggal njanḍak tugelanipun genḍéwa kadamel gaḍa.
Hjang Pramèsṭi tjikrak-tjikrak sarwi murugi panggénanipun sang Parta. Boten dangu sampun sami adjeng-adjengan, ladjeng nggelut atilar dedamel. Dangu anggenipun sami uleng-ulengan asilih-ungkih. Djedjak-djinedjak, biți-biniti, djambak-djinambak. Ngantos djuḍeg anggenipun silih tjidra, gentos unggul gentos kawon. Kekalihipun sami tanggonipun tuwin sami kasektènipun.
Sang Parta ladjeng kesikep, binanting ing siti. Sareng rumaos kasoran, ladjeng males. Hjang Pramèsṭi sukunipun kalih pisan nunten rinangkus, baḍé binanting ing séla gegilang. Sareng baḍé dipun djundjung, suku kekalih wau dumaḍakan musna.
Boten antawis dangu ladjeng wonten djawah sekar, ingurab sawarnining wewangi, binarung swantenipun para déwa resi, mangaju bagia ḍateng kaprawiranipun sang Parta. Sakedap nunten wonten tédja ketingal, tjahjanipun ngenguwung amblerengi. Ing ngriku tetéla jèn hjang Pramèsṭi ngédjawantah, tumurun ing martjapaḍa, pinarak ing ḍampar sekar tundjung pinatik manik nawaretna.
Sang Parta sampun boten kasamaran, ladjeng tjaos bekti dateng batara Guru. Sasampunipun njembah, ladjeng mudja sarwi tumenga ing ngarsanipun baṭara Guru. Tembungipun:
Pamudjanipun raden Ardjuna ladjeng sinauran ḍateng baṭara Guru: „Ḍuh putraningsun, ing samengko ingsun wus ora kesamaran marang setyaning bektinira marang djenengingsun, mulané ketutugan ing sapandjalukira. Lah mara iki tampanana gandjaraningsun marang sira, arupa panah kang aran Pasopati !"
Ing ngriku baṭara Siwah, nunten ngédjawantah. Astanipun énggal pinurus, ladjeng medal latu, sanalika dados djemparing.
Djemparing nunten kaparingaken dateng Ardjuna.
Raden Ardjuna sasampunipun tampi gandjaran peparingipun baṭara Siwah, ladjeng njembah. Kedjawi djemparing Pasopati, ugi kapateḍan genḍéwa linangkung tuwin makuṭa pinatik nawaretna. Sasampunipun makaten tumunten winedjang ing salwiring kawruh ulah dedameling perang.
143