Kaca iki wis divalidasi
- Madjeng sarwi awotsari, katingalan kakangira, Rawana atjum ulaté, keketegé sumjar-sumjar, rumaras katingalan, ulaté abengus-bengus, ngrerepa dénnja ngandika.
- „Ah ariku sun tuturi, kasor kaluwihanira, teka pidjer turu baé, mungsuh wanara digdaja, mandra gunéng paprangan, kwèh bupati ingkang lampus, kang paḍa kawilang guna.
- Entèk andel-andel mami, kang titir prawirèng juda, mengko tanana boboté, apes mungsuh lan wanara, nguni kang nglar djadjahan, ngrupak djadjahaning satru, tumpesan déning wanara.
- Malah pamanira mati, ija si patih Prahasta, jaji kari sira ḍéwé, sirnakena mungsuhira, si Rama si Laksmana, si Sugriwa adja kantun, Anoman lawan Anggada.
- Pupusen kabéh dèn basmi, jaji kang bala wanara, apan sira salawasé, luwih kaprawiranira, tetep digdajéng juda, tan ana kadya sirèku, kaodjat ing tri bawana.
- Katona sihira jaji, tresna maring kaḍang tuwa, ija sapa kaja kowé, wus keter isining djagad, tumon kasektènira," Dasamuka wusnja muwus, kang raji lon saurira.
- Asendu nanging aririh, Kumbakarna aturira, : „Lah puniki pinanggihé, wong atinggal panikrama, ing nguni sampun kaṭah, kang ngaturken ing rèh tuhu, mila paduka tan arsa.
- Kalangkung mumpang ing jekti, amung anggunggung sarira, mangké makaten dadiné, amung arda puwa-puwa, naputi amisésa,: „Sapa ngalahaken ingsun, prawira ing tri buwana.
- Jèn nḍahara atur betjik, apan ora kekurangan, asor ungguling karaton, adiné ḍéwé Gunawan, undagi witjaksana, nora ana kang ginugu, atur kang amrih rahardja.
- Nalika gunem ing nguni, sadurungé tempuh ing prang, paḍa amrih rahajuné, kang guna-guna wiwéka, prawira rèh utama, kabèh tan ana rinungu, pinailaken kéwala.
- Bulah anaa ginalih, saking pélingé Gunawan, pitutur linebur kabèh, déné iki nora salah, kang duwé atur samja, kang ngarani boting mungsuh, déné paḍa kalampahan.
- Punggawané akèh mati, mungsuh wanara ing kana, durung kalong bebetjiké, prawirané wutuh ajam, Ngalengka tetumpesan, bebetjiké datan kantun, mungsuh mung kalong kang ala.
- Udjar walujaning dadi, rahardja adjur kéwala, kalulun kélu alané, kang sami amrih rahardja, tetepé siniwaka, kawangsul kang amrih aju, kolu kang amrih dursila.
- Si arja Wibisanèki, aturé kaliwat-liwat, anggoné amrih betjiké, panika nora angawag, matur udjaring tjeṭa, wus omah wiweka putus, waskita djro ning sri-nata.
Sinom
- Pan si Arja Wibisana, Gunawan sardjana niti, wruh wekasané kang ala, lawan wekasaning betjik, panggawé durung lair, si Wibisana wus weruh, matur saking geng tresna, ing kadang tulusé mukti, lan tulusé ngratoni bumi Ngalengka.
PEṬIKAN MANTJA WARNA
145