ingkang tansah adamel awon, temtu baḍé manggih piwales awon. Déné manungsa ingkang tansah meleng ḍateng kamuksan, wekasanipun inggih baḍé kadumugèn ing pikadjengipun.”
Makaten pangandikanipun sang maha panḍita. Radèn Danandjaja raosing manahipun kados tinétésan ing toja sawindu. Dangu anggènipun kèndel anilingaken pamedjangipun sang pandita, saha sanget kakenan ing manah. Wasana kèngetan ḍateng ḍawuh pangandikanipun begawan Dipajana rumijin, tembungipun :
- ,,Hèh mas putuku, prajoga sira samengko mangun tèki, nenuwuna marang baṭara kang linuhung kadigdajaning perang. Ing tembé bakal ana panḍita kang nuduhaké sira marang kamuksan.”
Atur wangsulanipun sang Parta dateng sang panḍita: ,,Sakelangkung kasinggihan ḍawuh pangandikanipun sang maha panḍita. Menggah ing sadjatosipun kula punika dèrèng kepareng ulah kamuksan awit déning genging katresnan kula ḍateng sadèrèk kula sepuh sang Darmawangsa, sinatrija ingkang sampun kasub kaonang-onang ing bawana. Anggèn kula keraja-raja mangun tapa punika, saḍèrèk kula wau sageda manggih wohipun. Awit ingkang dados angen-angening manahipun sageda dados ratu binaṭara anjakrawati, mangun rahajuning bawana. Manawi ingkang dados pepuntoning manah kula punika boten kasembadan déning baṭara ingkang linangkung, saèstu kula boten badé purun wangsul saking patapan, suka lila nemahana pedjah wonten ing ngriki.”
Sang panḍita sareng mireng aturipun begawan Mintaraga, bingahing manah boten kénging winiraos, ladjeng ngratjut warni, malih dados baṭara Éndra. Radèn Ardjuna énggal tjaos bekti, nanging pinenggak, tanganipun tjinepeng ḍateng baṭara Éndra. Pangandikanipun : ,,Ḍuh mas anggèr putra ningsun, mara delengen ingsun ! Ija ingsun iki baṭara Éndra, ratuné para déwa ing Suralaja. Adja sumelang ing atinira ! Sumurupa, ing mengko baṭara Siwah, ija baṭara Guru, bakal luntur sihé marang sira.
Ing ngarep ingsun utusan widadari pepitu ngrentjana tapanira. Njatané sira wis kuwasa matiraga, njajuti pantjadrija. Mulané sira wis adja samar manèh, mesṭi bakal tampa kanugrahan kang linuwih. Mung baé ingsun mau sumelang, mbokmanawa kebandjur anggonira mangun-tapa, temahan ora nolih marang karahardjaning bumi. Jèn ta mangkonoa, mangsa bisaa ketutugan antjasing ati ningsun. Ing mengko wus tetéla kaantepanira, tapabrata murih rahajuning bawana. Kang iku di tetep antjasé atinira, disentosa ing budi ! Ing kono margané sang hjang Kawekas, Baṭara Siwah, bakal tumurun, maringaké ganjaran marang sira. Wis anggèr karia rahardja, ingsun arep bali menjang Kahjangan !"
Telas pangandikanipun batara Éndra. Ladjeng mesat ngajuh ing gegana, sakeḍap nétra sampun boten ketingal.
Sang Parta kantun anggana. Ing mangké anggènipun tapa sangsaja sineru, malah tinikelaken sadasa kalijan ingkang sampun. Mila makaten, awit joga-brata punika kénging ingupamèkaken tijang ngagar. Jèn tumemen pangagaripun, mesṭi énggal saged angsal latu. Nanging manawi pangagaripun dipun sambi aleléda, tamtu tangèh sagedipun angsal latu.
139