Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BAṬARA GURU MARINGAKEN DJEMPARING
PASOPATI ḌATENG RADÈN ARDJUNA

 Katjarijos ratu denawa ing Imantaka, prabu Niwatakawatja, mengsahipun baṭara Éndra, anggénipun nglurug sampun dumugi ing Suralaja, pepak sawadya-balanipun. Para punggawa boten wonten ingkang kantun. Sadaja sami tuhu setya, saha digdjaja sudira ing perang, wasis ngrupak djadjahanipun mengsah, angelar djadjahaning ratu gustinipun, angrangsang bètèng, angganṭol kapurantjang. Ḍasar sampun watawis lami anggènipun kapiadreng baḍé mbélani gustinipun, ngobrak-abrik saindenging Suralaja, mila polahipun kados sima rebat memangsan. Djadjahan ing Suralaja sampun ingosak-asik déning bala raseksa, swantenipun atri gumuruh anggegirisi.

 Baṭara Éndra ing mangké rumaos kèwedan ing galih, dangu anggènipun ambudidaja sageda ontjat saking pangrangsangipun bala denawa. Pinanggihing nalar, sumedya ngétjani manahipun mengsah. Mengsah denawa ladjeng pinaringan sawarnining radja-busana tuwin radja-brana saha manik nawaretna. Ing ngriku para ditya ladjeng kanḍeg anggènipun baḍé nggempur Kaéndran.

 Boten antawis dangu ratu denawa boten kesamaran ḍateng sandi upajanipun baṭara Éndra. Awit osiking manahipun, sakalangkung mokal jèn para déwa baḍé saé panganggepipun ḍateng ditya raseksa. Pramila pangrangsangipun sangsaja ngatos-atos, anggénipun njebar telik sandi malah dipun kaṭahi, sampun waradin ing djagat tetiga.

 Prabu Niwatakawatja sampun mireng pawartos saking telik sekti mandraguna, jèn baṭara Éndra sampun mintasraja ḍateng sang Parta, ingkang saweg matiraga wonten ing redi Indrakila. Sang tapa baḍé katimbalan, kaḍawuhan nanḍingi pangamukipun. Mila radja denawa boten katalompèn, énggal utusan punggawa raseksa, ingandikakaken motjok gulunipun sang tapa wau. Ingkang pinidji ditya sinelir nama Momongmurka, sampun misuwur sanget kawanteranipun, saged mandjing adjur-adjèr, mantjala putra mantjala putri.

 Lampahipun utusan ing margi boten kotjap. Boten dangu sampun ngantjik ing redi Indrakila. Ladjeng sinasak ingideran sumedya ngupadosi patapanipun sang Parta, ananging boten kepanggih. Wasana sang Momongmurka telas manahipun. Saking bingungipun, temahan kalimput ing nepsunipun.

 Pangunandikanipun : „Ih lah dalah, jèn kaja mengkéné angèlé golèk-golèkané patapané si Ardjuna, gunung Indrakila betjik tak gempuré."

 Sanalika ditya Momongmurka ladjeng malih dados anḍapan, sakelangkung ageng anggegirisi, sampun prasasat sang Kumbakarna. Redi Indrakila ladjeng oreg, putjakipun guntur, swantenipun djumegur, korining guwa patapan ngantos rengat.

 Sang Parta ing salebetipun mudja-semadi kados angsal wangsitipun déwa ingkang linangkung, ingosikaken ing manah jèn wonten bebaja. Mila énggal medal saking guwa, sarwi njangking genḍéwa, djemparing saénḍongipun. Boten dangu sumerep wonten anḍapan ageng kabina-bina nḍungkari putjakipun redi, sélanipun ngantos mawud.

140