anengenaken sawarnining kabingahan saha nggajuh ḍateng kawibawan. Éman sanget jèn ta sang tapa boten sumedya ngangkah ḍateng kamuksan. Limrahipun tijang meleng ing pudjabrata punika angudi dateng rahajuning manah. Samangsa ingkang kaèpi-èpi kabingahaning djagat paraméan, sajektos baḍé kesasar ing lampah. Pundi tijang mengkeraken toja amreta, kumatjèlu mbudjeng ḍateng wisa?
Sadjatosipun ing djagat paraméan punika kaṭah ingkang sami kesasar ing budi, temahan matang tuna numbak luput. Ingkang pineleng ing manah anggajuh ḍateng kanikmatan tuwin kaswargan, dumugining endon manggih sakit. Nujuti ardaning pantjadrija punika mila inggih angèling angèl, awit salebetipun ngampah radjah tamah, temah tingal ladjeng bawur, manah kuwur, anggung wujung akontrang kantringan.
Tindakipun manungsa ingkang kados makaten punika kénging ingupamèkaken kados tijang ningali ḍateng ringgit. Sampun sumerep jèn ringgit punika watjutjal ingukir rinéka djanma, linampahaken ing ḍalang. Liripun wonten ingkang witjanten, wonten ingkang gumudjeng suka, wonten ingkang nangis, ébahipun manut pikadjengipun ki ḍalang. Éwa samanten punika inganggep kanjatan. Inggih punika lampahipun manungsa ingkang taksih kepéntjut ḍateng sawarnining pepénginanipun pantjadrija. Sajektosipun ingkang gumelar wonten ing djagat paraméan punika kénging kawastanan siluman." Telas wewulangipun sang panḍita dateng begawan Mintaraga.
Sang Parta ladjeng sumaur mawi tembung memaladsih sarta pangela-ela dateng sang panḍita: "Duh pukulun, sakelangkung kasinggihan ḍawuh pangandikanipun sang maharesi. Boten sanès kedjawi kamisuwuran tuwin ungguling djurit. Samangsa satrija tetep anggènipun ulah tapa gangkah ḍateng kasudiran, sampun prasasat ngener ḍateng kamuksan.
Pundi wonten tijang boten praduli ḍateng gumelaring djaman paraméan punika ing lair batos. Éwa samanten salebeting gesang ingkang dipun angkah inggih kanirwanan, inggih punika kaswargan pamaḍeming pantjadrija. Sadangunipun anganta-anta ngentosi dawahipun kabegdjan wangsul ḍateng kaswargan, prajogi ulah kasampurnan sinambi ulah suka kawibawan.
Namung punika atur aula. Déné manawi wonten keladuking tetembungan, sang panḍita mugi ngegungna ing pangaksama."
Sang panḍita sumambung: "Anggèr, ing agesang sakelangkung gawat, jèn namung ndjurungi ḍateng kamurkan, sasap-sambir ing tembé baḍé manggih bilai. Ardaning pantjadrija punika lakar angèl sanget- sajutsajutanipun, asring adamel gingsiring manah rahaju. Singa kesengsem ngubungi ardaning manah, boten baḍé saged manggih kanugrahan ingkang linuhung.
Kados upaminipun tuwaburu, punika ing béndjingipun baḍé malih dados sima, awit nalika gesangipun padamelanipun namung medjahi bebudjengan, kateḍa dagingipun.
Menggah tuwarawa gesangipun rinten-dalu namung menḍet ulam, mila ing tembé manawi pedjah, malih dados badjul, awit saking karemipun ḍateng ulam.
Inggih kados makaten pepinḍanipun wohing ngagesang. Sinten
138