Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nubet ing naga minangka pangènget-ènget nalika pantjakara kalijan naga ing telenging saganten. Déné warni sakawan wau minangka pangènget-ènget nalika mandjing ing guwa-garbanipun Dèwarutji. Warni ingkang tjemeng, abrit saha djené punika mengsah ingkang ngadangi lampah ingkang prajogi, déné warni petak punika pralambangipun kasembadaning pangangkah ingkang utami. Rupi gangsal punika ginambar ing busananipun Radèn Wrekodara.


(Bima Sulji)


XXX. BAṬARA ÉNDRA TEḌAK ḌATENG PATAPANIPUN BEGAWAN MINTARAGA

 Ing ngriku batara Éndra ladjeng sumelang ing galih ḍateng tapanipun radèn Danandjaja. Déné ingkang dipun sumelangaken mbokmanawi sang Parta wau anggènipun tapabrata namung ngangkah ḍateng kamuksan, kesupèn ḍateng radjabrana saha kawirjan. Pramila batara Éndra badé njarirani pijambak ndadar ḍateng kaantepanipun begawan Mintaraga.

 Batara Éndra nunten santun warni, ladjeng tumedak ḍateng redi Indrakila aminḍa pandita sepuh, wungkuk aṭikluk mèh kewudan, lampahipun nunuk-nunuk sarwi tekenan. Ḍatengipun ing patapan nudju djawah deres amor angin. Kawewahan redi Indrakila kaleres kinemulan ing méga, mila sang pandita badanipun ndrodog katisen.

 Ladjeng mandeg ngadek siḍakep ing pipining kori guwa patapan. Dangu anggenipun ngentosi radèn Danandjaja, nanging boten ingaruharuhan. Mila sang pandita ṭikluk ladjeng asabawa sarwi dèhèm saha watuk-watuk. Begawan Mintaraga kagèt, sanalika ladjeng muḍar semadinipun. Sareng sumerep sang pandita, énggal dipun bagèkaken kantibingahing manah, alon embungipun: ,,Ḍuh pukulun, kula mugi kepareng pitakèn, wingking pundi ingkang pinangka, ngadjeng pundi ingkang sinedja?"

 Sang pandita Ṭikluk sumaur alon: "Jèn sampéjan sudi ngaken panḍita ḍateng kula, saèstu badé ndadosaken suka bingahing manah kula. Wondéné anggén kula tapa punika, manut sadanganing manah. Boten kantenan ingkang minangka patapan kula, djalaran padamelan kula tansah anelasak ndjadjah wana, minggah redi manḍap redi, ngu djung ḍateng sawarnining patirtan. Punika wau kula sumerep tédja ngenguwung, ngriki prenahipun. Tédja mekaten suka sasmita panggénanipun tijang sutji saweg mesu brata. Sareng kula purugi, tetéla jèn wonten ing patapan sampéjan ngriki punika. Kalinganipun sampéjan ingkang ngawontenaken tédja punika."

 Sang pandita kèndel sawetawis dangu, nunten ndumugèkaken pangandikanipun: "Sajektosipun kula punika inggih ulah semadi, boten béda kalijan sampéjan. Namung kémawon kula kuwatos, mbokbilih anggèn sampéjan mudja-semadi punika badé kandeg. Awit saking paningal kula, katah duwung, djemparing tuwin tamèng ingkang sami gumelar wonten ing patapan ngriki. Punika mratandani jèn sang tapa

137