Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sadangunipun Radèn Wrekodara aperang tanḍing kalijan naga, Sang Murbèng Djagat boten kekilapan. Sanget kamiwelasen ḍateng Arja Séna, déné sakalangkung kaswasih kekah ing sedya, ngupadosi toja gesang manut pitedahing guru.

Bimasutji sasampunipun angsal pantjaretna, ladjeng énggal medal saking guwa-garbanipun Déwarutji. Sadaja paningal sampun malih, sakala sampun wangsul ing ngalamipun ingkang lami. Déwarutji saksana sirna.

Katjarijos Raden Wrekodara, inggih Bimasutji, sasampunipun tampi kanugrahan saking Déwarutji, manahipun dados mulus rahaju, awit hardaning manah dateng pepinginan sampun sirna. Sariranipun maja-maja kados nganggé sutra adi, rinengga ing manik nawaretna. Mila asesumping sekar mas winarni sekar pudak, kawastanan kasturi djati, minangka pratanda jèn sampun putus ing sakliring kawruh. Akekampuh saha atjalana polèng bang intulu, awarni sakawan, gi-

136