asauran kados suka pitutur ḍateng panenggaking Panḍawa, ing margi ingkang ngatos-atos. Beluk, darès tuwin dokan sami njamber-njamber ing langit, tandukipun pinḍa baḍé ngadangi lampahipun ingkang saweg gandrung ing toja gesang, akèn wangsul manggihi para kaḍang. Ungeling kongkang ing blumbang saha pangorèking kodok kados déné ngéngetaken sawarninipun durgamaning margi ingkang kaambah ḍateng panenggaking Panḍawa.
Sareng surja sampun serap, ing wanadri repet-repet ladjeng peteng. Rembulan panudju boten ndaḍari, namung lintang-lintang ingkang ketingal pating krelip kados sesotya sinawuraken ing awang-awang, minangka deḍamaring dalu. Sirep swaraning peksi alit-alit, namung peksi kudasih mungel ing pangasauran, swaraning tikus pating tjlirit, kados-kados ngèngetaken Arja Séna dateng bebajaning margi, kabekta saking sandi-upajanipun Danjang Drona. Saèstu jèn udjaripun resi Drona ngamandaka, nedya adamel tjilakaning agesang.
Kawuwusa Radén Wrekodara, Satrija ing Djodipati, lampahipun namung anut ing sukuning redi medal ing djurang trebis. Boten dangu ing sisih wétan ketingal wonten tjahja sirat-sirat abrit ragi katutupan ing méga, pratandanipun Batara Surja madangi djagad, mungup-mu- ngup ing putjaking redi, kados putri adi ngawé dateng semajanipun. Nunten ramé swaranipun paksi ing kekadjengan pating tjaruwèt mi- lengi kuping. Panjengaking peksi tjangak pinda asung wangsit akèn wangsul dateng ingkang saweg kalunta-lunta. Pandjeritipun ajam wana kados awewarah dateng Sang Séna njingkirana wana pringga. Akatah- katah sasmitaning sato kéwan saha sesekaran dateng Arja Séna, tangèh jèn kautjapna sadaja.
Lampahipun Radèn Wrekodarà njandung séla njémpar lungka, minggah mandap tanpa kèndel. Boten antawis dangu dumugi ing kisiking samodra, alunipun ageng gumuruh nempuh parang, sumjak lir suraking pradjurit aprang. Sang Séna njaketi sarwi lonlonan. Ing ngriku ketingal karangipun paṭing panḍukul kataweng ing ampak-ampak. Sawenèh wonten ingkang mèmper liman mengo, sawenèh malih sairib liman ndjerum. Radèn Wrekodara manḍeg mangu lampahipun sinambi njawang ombakipun saganten, golong gumulung kados guling. Kepjuring ombak nempuh karang kados sekar glagah katempuh ing angin. Déné ombak ingkang wonten ing tengah mawalikan, gora gumerah nggegirisi, adamel kuwuring manah. Kapjuk-kapjuking toja saantawisipun kekarangan kados nambrama datengipun Sang Arja Séna.
Ing ngriku Radèn Wrekodara ngadeg ndjenger, oneng ḍateng para kaḍangipun ingkang kantun ing pura. Tumunten kèngetan ḍateng wewarahipun ingkang raka Nata ing Ngamarta, sajektos jèn panḍita Drona ngamandaka udjaripun. Nanging gèk kados pundi malih, watak wantunipun satrija, lingsem jèn wangsula, luwung nempuh bjat ngemasi ing samodra.
Wau ta ingkang ketingal ing saganten, pinten-pinten katahing baita, lajaripun pating karelab kasorotan ing surja. Tijangipun paṭing kareḍap kados walang sumamburat. Déné warnining baita: djong, djukung, majang, wangkang, kunting, sampan, gijota. Sang Séna ndjenger kados tugu manik sinukarta, njawang sawarnining baita, kadamel
134