pasah. Déné Arja Séna tansah panggah abakuh, boten kirang ing wewéka. Sang Rukmuka énggal kadjambak, sijungipun kabiti ngantos tugel, rambutipun kaukel, ladjeng kasabetaken ing wit gurḍa, adjur mumur anggalepung, utekipun mantjurat sumamburat. Sang Rukmakala nunten mangsah baḍé apepulih, pangamukipun sampun kados tiwikramanipun Baṭara Kala, njakot, nḍupak, mbiti, ndengkul saha njikut. Raden Wrekodara boten talompé, Sang Rukmakala ladjeng katjandak, kabanting ing séla gegilang, adjur mbaleḍug, rahipun pating semburat. Sapedjahipun Sang Rukmuka tuwin Sang Rukmakala, wangkénipun sirna daḍakan, djer kakalihipun déwata ingkang saweg manggih papa tjintraka. Menggah sadjatosipun Sang Hjang Endrabaju, dinukan dateng Sang Hjang Pramèsṭi, ladjeng malih dados danawa kembar, adedangka ing guwanipun redi Tjandramuka.
Prabu Judistira ladjeng ngrangkul Arja Séna, Radèn Ardjuna, Nakula lan Sadéwa sami njungkemi sukunipun sarwi nangis ngamah- amah. Raden Patjawala senggrug-senggrug njepengi pontjoting dodotipun: déné Dewi Sumbadra saha Dewi Srikandi nggondèli sabukipun kalijan rawat waspa. Dèwi Drupadi nggubel ing ngadjeng sarwi nangis ngantos magep-magep. Akatah-katah pangandikanipun Sri Naréndra Kresna, tingalipun akembeng waspa, menggak pikadjengipun satrija ing Djodipati. Radèn Danandjaja nunten njepengi tanganipun ingkang kiwa, Radèn Nakula saha Radèn Sadéwa sami njikep tanganipun ingkang tengen sarwi nangis tanpa kenḍat. Nanging sampun watakipun Raden Wrekodara boten kénging dipun ampah, pinalangana mlumpat, dinadunga meḍot. Ladjeng kroḍa, ingkang sami nggudjengi kiwa tengen saha ngadjeng wingking sami kakipataken, ngantos sami mantjelat ḍawah ing siti. Arja Séna wekasan mberot, medal saking kaḍaton, lampahipun ngitar boten mawi nolih wingking, sakeḍap sampun tebih.
Kotjapa ingkang tinilar ing kaḍaton Ngamarta, sadaja sami nangis ramé awajang-wujungan. Para Pandawa sagarwa putra sami ngadep dateng Prabu Kresna, sami ndeku ing ingarsanipun. Baḍé nusul Arja. Séna kapenggak Prabu Kresna. Katah-katah anggenipun ngrerapu saha paring pitutur. Para Pandawa sakalangkung kuwur ing manah, temahan sami kèndel, namung pasrah ḍateng Batara ingkang linuhung. Prabu Kresna nunten kondur amakuwon.
Mangsuli tjarijosipun Arja Séna, sakeḍap sampun mandjing ing wanadri. Saking adrenging manah, boten ngélang sawarnining bebaja ing margi. Tetijang ingkang sami kepeṭuk sami gawok. Kekadjengan ingkang katut ing angin sumjak swaranipun kados nangisi késahipun Sang Séna. Sekar-sekar mbabar ganda marbuk arum, ébahipun sairib ngawé-awé Aria Séna, kapurih wangsul dateng Ngamarta. Sekar gadung sumjar binarung sekaring kemuning. Sekar angsana tuwin pudak kasilir ing angin lir pendah wentisipun para putri nggonḍèli Radèn Wrekodara. Tjanggèrètnong swaranipun mawurahan kados panangisipun Dewi Drupadi. Merak njangungong ing wingking sareng kalijan swaranipun peksi tjutjur, saèmper panguwuhipun para Pandawa akèn wangsul Arja Séna ḍateng Ngamarta. Swaraning peksi pating tjaruwèt
138