wurahan. Pladjengipun salang tundjang arebat dutjung, kaṭah ingkang kebentus ing sela utawi kekadjengan. Saking agenging ampuhan kidang sangsam sami ketjemplung ing djedjurang ngantos manggih pedjah. Kantjil patjitjilan mripatipun lumadjeng nggendring boten mawi nolih wingking, kados binudjeng ing sima baḍé kamangsa. Kuwuk, rasé, lingsang, garangan tuwin mumuk, saha sawarnining bebudjengan wana ingkang alit-alit, pladjengipun kaḍungsangan aniba tangi. Banteng, warak, sima saha anḍapan kaṭah ingkang sami gedjegur ing lebak, blag-blug, ketatap ing sela saéngga petjah sirahipun. Déné sawer ingkang agengipun sawiting putjang sami mulet ing uwit-uwit, temahan witipun rungkat nḍawahi sawer ngantos rantas. Peksi-peksi ing kekadjengan sami kabur, swaranipun ramé pating tjaruwèt. Menggah warnining peksi: glatik, emprit, peking, kepoḍang, gotilang, drekuku, dara, platuk, prendjak, srigunting, djowan, gagak, wulung, biḍo.
Kotjapa para tjantrik, wewasi, tjèkèl, manguju saha para adjar ingkang sami tapa wonten ing pareden, sadaja sami kagèt, gumredeg pladjengipun numbuk bentus, awit adjrih mireng swaraning prahara gumuruh ngédab-édabi. Saking kesesanipun ketunipun mentjelat pating blesar, sandanganipun mèh sami mlesat, tjawetipun kesingsal, satemah sadaja sami katétéran, wonten ingkang brangkangan, wonten ingkang keglunung ing pepèrèng. Sawarnining para tapa manahipun sami tabtaban, sedyanipun sami ngupados pangungsèn ing padusunan ing sakiwa tengenipun ngriku. Sawenèh wonten ingkang saweg amemudja, ngungkung swaraning genta pamudjan, ḍatengipun angin sindung prahara, pantjawora tarik, temahan gugup anggenipun njawuraken sekar-sekar ura, margi kesesa ngungsèkaken gesang.
Lampahipun Radèn Wrekodara, panenggaking Panḍawa, sampun dumungkap ing redi Tjandra-muka. Guwanipun énggal binukak, reḍi dinungkaran, sélanipun inguntjalaken tebih pating blesar. Kekadjengan ageng-ageng kabedolan binutjal ngiwa nengen, redi Tjandramuka ngantos ketingal bosah-basih. Ananging kangèlanipun Sang Séna djebul tanpa tuwas, awit toja gesang ingkang dipun padosi boten pinanggih.
Gantos ingkang katjarijos, buta kembar kekalih ingkang adedangka wonten ing ngriku, anama Rukmuka tuwin Rukmakala. Sareng mireng swara pating glabruk saha angin gumuruh, sakalangkung kagèt saha maras manahipun. Boten dangu mambet ganḍaning djanma. Buta kembar kekalih medal saking guwanipun sarwi gero-gero kados Batara Kala baḍé nggempur bumi. Saking seruning panggero siti kados baḍé bengkah, langit kados kontrag-kontrag. Tumunten sumerep Sang Wrekodara, énggal dipun banḍem séla. Nanging Arja Séna boten padja-padja adjrih, panggah sadjangkah boten mundur saking panggénanipun, ladjeng sesumbar: He buta kembar, kowé pantjèn watak dursila, djer kowé arep ngarah patiku". Sang Rukmuka tuwin Sang Rukmakala bengis wangsulanipun: „Hèh manungsa, banget anggonmu ora weruh ing tata, ora wurung kowé mati déning aku, awit kowé wis dosa, wani-wani ngrusak gunung sing takenggoni."
Dèrèng telas anggenipun witjanten, Arja Séna ladjeng katubruk, kinereg sinebrak-sebrak, nanging Sang Séna boten busik, malah wasis ing panangkisipun. Buta kekalih sanget kawekèn ing manah anggenipun nanḍingi Arja Séna. Dipun tjakot boten teḍas, dipun suduk boten
132