Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Panduking sagung warastra, tjiptanen urubing geni, dupa wewangining reksa, utama marganing pati, gong tengara ing djurit, tjipta genta kalèngipun, memudja djaja-djaja, mungsuh reruweding pati, jèn lestari ing béka nemu kamuljan.
  2. Jèn tan mati ing ngajuda, malah kjèh dènnja memati, anumpesi satru salah, amanggih gandjaran luwih, kadi sasangka rawi, tan kalingan nggoné luhur, tan kena ing memala, jèku utamaning djurit." Wus mangkana wau sagung para radja.
  3. Mijarsa pituturira, Suwanda luwih prajogi, nggardjita kang para radja, sigra wangsul ambek pati, dennja rekjana Patih, Suwanda pituturipun, rinasa-rasèng drija, dadya mrih mangungkih pati, prapta aglar ngarsané patih Suwanda.
  4. Satrija punggawanira, tan kari ratuné sami, lan sagung mantri prawira, ndaleḍeg nusul ing gusti, sagunging kang para dji, wus samja anjipta tuhu, nganggep pituturira, Suwanda rekjana patih, ambek pati ing prang tan nedya mundura.

(Ardjuna Sasrabahu)


XXIX. KANG TETEP MANTEP ING SEDYA, WIDADA KANG SINEDYA

Katjarijos lampahipun Arja Séna, boten dangu sampun tebih, mlebet wana medal wana, minggah redi manḍap redi. Ing manah sakalangkung suka, gandrung ḍateng toja amerta. Lampahipun ladju, boten nolih ngiwa nengen, tuwin boten manah ḍateng bebajaning margi, ingkang pinandeng boten sanès namung toja gesang, ingkang baḍé nutjèkaken baḍanipun. Saksana ngambah djurang peperèng, nglangkungi redi mengger pinten-pinten, ketingalipun saking ketebihan ndjenggereng. Kaṭah lelurung ingkang dipun langkungi, sanget rupit ingapit-apit ing séla. Rupi-rupi tetaneman ingkang tukul sapinggiring margi, sekaripun éndah ing warni, saha mbabar ganḍa marbak arum. Ḍasar andjrah déning kaḍawahan djawah ing mangsa kapat. Warnining sesekaran: banar, bogem, puḍak, tjapaka, anḍul, angsana, kanigara, wilasa, malați, tandjung, prabusètmata, srigading, kananga, kemuning. Sawenèh wonten ingkang tumelung manglung ing margi, istanipun anambrana ḍateng Radèn Wrekodara, ingkang saweg gandrung ḍateng toja gesang. Brengengenging kombang ngisep sarining sekar lir péndah tangisipun sang dyah kaswasih déning kepéntjut ḍateng Sang Séna.

Kala samanten surja sangsaja inggil, saha sangsaja minḍak sanget bentering sorotipun, ngrangsang ḍateng Radèn Wrekodara, kringetipun ngantos kumjus. Sarehning keblerengen ing surja, lampahipun nundjang-nundjang. Wasana njandung sukuning redi, ngantos ngrebahaken wiwitan pinten-pinten, saha ngwontenaken swara atri gumuruh. Saisining wana sami kagégéran katradjang ing sindung prahara, tuwin pantjawora tarik. Kéwan-kéwan sami kebrasat, swaranipun ramé ma-

131