Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Amung sang mantri wasésa, manggala pangirit baris, sénapatining ngajuda, pradjurit panata baris, pamungkasing bupati, panutaning para ratu, sira patih Suwanda, malang ratané tan osik, sru gumebjar katrangan surja tumédja.
  2. Makuṭa sri ngandakara, lir Baṭara Surapati, rekjana Patih Suwanda, njandak pustaka tinulis, ing kenaka wus dadi, tinangsul ing tjakranipun, mesat sendjata tjakra, tibèng ngarsaning paradji,pustakané rekjana Patih Suwanda.
  3. Sagung kang miris lumadjar, para ratu Maèspati, satrija mantri punggawa, tiniban pustaka aglis, muni rekjana patih, Suwanda ingkang pitutur: „Hèh sagung pranata, kang pada lumaju djurit, kawruhana nista madya lan utama.
  4. Sagung nerpati manggala, ajwa tan amrih utami, apan ija gustinira, maha prabu Maèspati, nista madya tinampik, mung utama tetepipun, jekti kang linampahan, sirèku para nrepati, tinggal madya paḍa ngarepaken nista.
  5. Rong prakara dosanira, ḍingin dosa maring gusti, tan anut ing parikrama, atinggal watek sajekti, sang prabu Maèspati, Sri Ardjuna-Sasrabahu, nggoné amengku bala, para dji kinulit daging, pan sedaja pinrih inganggep tenaja.
  6. Tan lila jèn nemu ala, kabèh pinrih nemu betjik, mjang kepatèn ing delahan, rineksa marang ing gusti, ing mangkja manggih kardi, mengkono solahirèku, tangèh lamun malesa, rumeksa ngawak pribaḍi, nora bisa tan wun mati manggih papa.
  7. Kapinḍoné dosanira, sira mring Hjang Bataradi, déné tinitah naréndra, kudu mèt nistaning pati, paḍa lumaju djurit, awedi sektining mungsuh, jèku saidjab-idjab, liwat nistaning nrepati, wong lumaju ing prang tetep wong urakan.
  8. Anggeḍèkken kaluputan, ratu kang lumaju djurit, ing pati urip tan angsal, pagéné madeg nrepati, suwitèng Maèspati, ratu ambek santa nulus, rahaju mardikèng rat, undagi pratamèng djurit, ratu wingit patitis mrih mati mulja.
  9. Kabeh jèn mengkono pada, adja tanggung wong aurip, ngawula ratu utama, tan ana bisa nglakoni, angur si wong aurip, adja na tanggung ing laku, wis paḍa suwitaa, marang ratuning raseksi, ambek salah nora angèl linakonan.
  10. Kang djamak manungsa nedya, amrih utamaning pati, apan satengahing aprang, nggon amét pati patitis, mati tengahing djurit, jèn bener pratikelipun, tan ana nimbangana, kautamaning kang pati, angesorken lan pati sadjroning pudja.
  11. Tur urip datanpa sama, jèn ratu lumaju djurit, tan arsa ing pati mulja, kudu mati mor memedi, upata kang dèn amrih, nora mrih pati rahaju, apan dadining tjipta, djroning prang nedya patitis, kasudiran kang nora ḍompo ing aprang.
  12. Kang tapa sirahing tapa, kang pasrah sadjroning djurit, amung Hjang Djagad Pratingkah, kang anitah pati urip, manusa tan ndarbèni, mung sumangga darbénipun, pagut ngasmarèng laga, tjiptanen mangsah semèdi, papaning prang wewaḍah dupa pamudjan.

130