Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kang wèh pituduh, pinisah pinrih mring ngarga, angater mring ibu Kunti.

  1. Punapa ndadak kawula, purun pisah sadalu twin saari, aluwung upaminipun, kakangmas manggih bodja, sapintena ing tilem boten ngrempelu, ngresula kantun nenadah, ing mangké paduka manggih.
  2. Wijoga margi paduka, sinikara wasana karja pati, tansah ing wuri mawujung, wigena pinda papa, jèn kongsia pisah ugi ta ing pungkur, kakangmas manggih tjintraka, siniksa mring sri bupati.
  3. Sinten ingkang nglabuhana, ja marmané sampun salah ing budi, mring kadang amrih tinungkul, duh kakang duh si kakang, pedjah gesang saèstu lumuh jèn kantun." Jata sang Djagal Birawa, duk mjarsa wuwusing ari.
  4. Sumedot tyasé ketaman, ring wuwusé sang ari ngasih-asih, raras mangres-res ing kalbu, mimbuhi duka tjipta, tjiptanja wus datan mamang praptèng lampus, sangsaja krodaning drija, nirbaja tumekèng djurit.

(Djagal Birawa)

XXVIII. MUTER TAMAN SRIWEDARI

Asmaradana

  1. Warnanen radèn Sumantri, saungkuré srinaréndra, dèrèng sah saking enggèné, langkung saking kawlas sarsa, sruning wardajanira, dènnja mrih suwitèng prabu, tjuwa kaputungan karsa.
  2. Wus sasat lamun tinampik, nenggih pangawulanira, saking abot pamuḍuté, Sumantri angles tyasira, kadya winangsulana, solahira kang wuluput, nanda samadyaning aprang.
  3. Marang prabu Maèspati, temahan gantya tinanda, binotan ing pamunduté, kinèn amutera taman, Sriwedari wutuhan, wukir Nguntara nggonipun, rumangsa nora kaduga.
  4. Kadya pedjah tanpa kanin, Sumantri raosing drija, wus pinatok pratignjané, wurunga dènnja suwita, ing Sang Ardjunasasra, suka matijèng wana gung, wirang mantuk marang ngarga.
  5. Kuneng ganti kang winarni, nenggih ditya Sukasrana, radèn Sumantri ariné, nalika marang pratapan, honeng marang kang raka, praptaning pratapan dalu, takèn ing sudarmanira.
  6. ,,Si kakang ana ing ngendi?" winartanan lamun lunga, mring nagri Maèspatiné, sumedya suwita marang, prabu Ardjunasasra, Sukasrana langkung ngungun, pamit sumusul ing raka.
  7. Lampahira wor lan angin, anèng marga mambet ganda, nulja pinarpekan agé, tiningalan jèn kang raka, pitekur gènnja lenggah, semuné sungkawèng kalbu, winedalan saking wuntat.
  8. Inguwuh kagjat anolih, kang raji rinangkul sigra,: ,,Aduh babo ariningong, baja teka ngendi sira, déné wruh prenahingwang," kang raji alon sumaur, : ,,Ija teka ing pratapan.

127