Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

,,Wis, kakang, aku tégakna. Aku wis ora kuwat, kowé mlajua déwé."

,,Adja ngono ta, di, ajo, kuwat-kuwatna sedéla. Lor kono kuwi kaja ana kali. Mengko jèn wis njabrang, lèrèn manèh kena."

Ni Menik dipeksa-peksa wis ora kuwat, bandjur digéndong, digawa mlaku. Mlaju Ki Teguh wis ora bisa. Mlaku waé wis mèjèk-mèjèk. Nanging meksa isih tekan kali.

Ni Menik diudunaké, dikon mlaku. Olèhé mlaku mudik. Sikilé terus diambahaké banju. Perluné matjan bèn ora bisa nggolèki tipaké. Ana papan rada tjetèk, tjempé loro bandjur pada njabrang. Tekan ing pinggir ora pada mentas. Terus mlaku mudik. Sawatara adoh lagi mentas. Tepining kali ndeder manḍuwur. Kabeneran ing kono ana plekahaning lemah, rupané kaja guwa tjilik. Ing sandingé akèh watuné rada gedé. Ni Menik dikon mlebu ing guwa kono. Lawangé ditutupi nganggo watu.

,,Wis kowé kéné waé disik, ja, di. Jèn durung tak-parani utawa diparani kantjané déwé, adja metu." Teguh bandjur bali njabrang kali. Mbalèni tipaké nalika njemplung ing banju, bandjur terus mlaju. Olèhé mlaju ngalang, bali ngidul manèh, bandjur ménggok ngétan. Karepé arep minta sraja marang Ki Lurah Tulus.

Kotjapa Sardulapati sakantjané wis tekan pinggir kali, ngambus-ambus lemah, nurut tipaké ki Teguh.

Sing digolèki wis tekan ing omahé Ki Lurah Tulus, bengok-bengok ndjaluk tulung. Dipețukaké Ki Mulus, adiné Ki Lurah Tulus.

,,Ana apa, ki sanak ?"

,,Aku diojak-ojak Sardulapati sakantjané."

,,Pira tjatjahé ?"

,,Kira-kira ana lima, enem Sardulapati."

,,Wé hla, mangka kéné sing djaga mung ana telu, papat aku. Saploké dikrubut kaé, kakang Lurah isih lara. Durung bisa apa-apa. Ja wis ta, kisanak, kowé mlebua ngomah, nanging terus metua manèh metu butulan buri. Perluné mengko jèn ana apesé, kowé wis ora ana ing kéné. Wis kana, andum slamet. Matjan tak petukné."

,,O ja banget panarimaku."

Teguh bandjur mlebu ing omahé ki Lurah, metu manèh saka ing butulan buri, bandjur terus mlaju ngidul, ménggok ngulon, ménggok ngalor, ngener marang Wukir-Rinengga.

Tjekaking tjarita, Teguh wis tekan ing patapan, bandjur niba ing ngarepé Sang Bagawan, Bareng ambegané wis rada sarèh, bandjur njaritakaké apa kang dadi lelakoné, saka wiwitan tekan pungkasan.

Sang Bagawan suwé meneng waé. Wusana bandjur tjelatu :

,,Wis adja kopikir dawa-dawa. Ni Gandes karo Ni Kèwes wis pada munggah swarga. Mati déning Ki Ageng Sardulapati kuwi prasasat déning Batara Wisnu, tegesé mati ketrima. Djalaran Wahju Tjakraningrat kuwi ing wektu iki wis ana ing Ki Ageng Sardulapati. Bab Menik, ja wis bèn disik ana guwa. Idep-idep pasa."

Tjantrik kang pinudju ngadep Sang Bagawan, ngungun banget krungu tembungé, nanging pada meneng waé.

123