Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ing sawidjining dina ni Gandes didjak déning Sardulapati. Esuké Sardulapati mulih déwé. Djaré ni Gandes kèri ana ing omahé Sardulamuka, adiné Sardulapati. Ana ing kana krasan banget, mulané ora gelem mulih.

Bareng wis sawatara dina ni Gandes ora mulih, ki Teguh bandjur saba ing satjeḍaké omahé ki Sardulamuka. Rékané arep niliki ni Gandes pisan. Nanging arep mlebu wedi, mulané mung dèpèl-dèpèl betèk karo indjan-indjen. Sarèhné tetandurané rungkud, ora weruh apa-apa. Ora let suwé krungu swarané matjan kombang pirang-pirang. Bandjur ana sing kanda :

,,Mréné nduk, tjah aju, mlebua kéné, adja wedi-wedi iki omahé pamanmu."

Elo, iki kok swarané Ki Ageng Sardulapati ! Teguh bandjur krungu swaraning tjempé. Bareng ditilingaké, tetéla jèn swarané ni Kèwes.

,,Mbok aku tak ana ing kéné waé ta, pak. Aku wedi.”

,,E, ora, nggèr, mrénéa ta, mlebua. Iki rak omahé pamanmu déwé. Iki hlo, pamanmu arep mbagèkaké !"

,,Pada slamet tekamu, nduk? Aku iki ala-ala pamanmu déwé. Ajo ta, tjah aju, mlebua ngomah."

,,Ija ta, paman, nanging mbok olèhmu ngrangkul kuwi adja kentjeng-kentjeng. Aduh, paman, guluku, lara! Pak, bapak, iki hlo, paman kok njakot aku! Tulung, pak ! Aduh!"

Ki Teguh bandjur krungu pandjeriting Kèwes. Mentas ndjerit, bandjur meneng. Atiné ki Teguh kaja diiris-irisa.

,,Wah, hm, olèhé gurih getihé ! Kéné gentènan ngokop. Nèk uwis, dagingé ndjur didum-dum !"

,,Mbésuk nèk si Menik, aku hlo sing njokot disik. Iki aku mèh ora kumanan getih setitik-setitika.

Krungu tembung kaja mangkono kuwi, sirahé Teguh ngglijer, mripaté peteng, bandjur tiba sumaput. Bareng wis éling, Teguh bandjur mlaju mulih menjang ing omahé Sardulapati.

,,Ni Menik !"

,,Apa, ki Teguh ?"

,,Ajo pada minggat ! Ni Kèwes dipangan bapak saseduluré ana ing omahé Sardulamuka. Mbokmenawa ni Gandes kaé ja wis dipangan. Ajo rikat, pumpung bapak durung mulih."

Teguh karo Menik bandjur pada minggat. Karepé arep mulih menjang Wukir Rinengga. Lakuné gegantjangan. Bareng wis rada adoh, bandjur mlaku. Sawengi mung lèrèn sapisan perlu ngombé ana ing sendang. Bandjur terus mlaju manèh. Ésuké ni Menik sambat sajah, arep lèrèn sedéla. Ki Teguh ja nuruti. Ni Menik malah dikon mangan suket pisan, dienggo sarapan. Ki Teguh déwé munggah puntukan lemali kang rada ḍuwur. Bareng ngingetaké mangidul, weruh jèn ing kadohan ana ireng-ireng mlaku ana ing bulak. Tjatjahé lima utawa enem. Bareng ditamataké djebul ki Ageng Sardulapati karo kantjané. Ki Teguh bandjur mudun saka ing puntukan. Ni Menik didjak mlaju manèh. Ora antara suwé Menik ndéprok.

122