Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Benginé tjantrik pada rembugan. Ni Menik kudu énggal-énggal diparani. Tjarané keprijé? Enaké ngéné waé. Supaja adja nganti ana matjan saba ana ing satjeḍaking guwa, jèn wis wajahé pada arep golek pangan, wedus sawatara akèhé kudu ngaton ana satjeḍaking padunungané matjan. Perluné bèn diburu. Sarèhné akèh, matjan sing mburu mestiné ja akèh, sukur jèn bisa kabèh. Mengko wedus bandjur mlaju ngidul, bandjur ngulon. Jèn kepèpèt, kudu wani njegur ing bengawan. Jèn mung nglangi waé wedus rak ora pati kalah karo matjan. Teguh karo kantja sidji utawa loro marani Menik. Bandjur digawa menjang gunung. Kana akèh guwa. Gampang dienggo ndelik.

Esuké umun-umun, ana wedus rong puluh minggat saka ing patapan. Sing pitulas lakuné ngener marang padunungané matjan kombang, sing telu ngener panggonané Menik.

Tekan ing satjeḍaking padunungané matjan, wedus pitulas mau bandjur diojak-ojak temenan.

Teguh lan kantjané bisa slamet tekan panggonané Menik. Menik bandjur didjak munggah gunung, golèk pandelikan ana ing kana.

Kotjapa ing nalika semono, langit mendung lelimengan, bledèg njamber ngampar-ampar, udan deres awor lésus: Ora let suwé kaliwis pada bandjir. Esuké Tegal Pengangen-Angen. rupané wis kaja segara anakan. Mung kari panggonan sing ḍuwur-ḍuwur sing durung keleban ing banju. Saking santering angin lan deresing udan, akèh uwit pada rungkad, kéwan pada kérut. Sing ora kèli, akèh sing kesamber ing bledèg. Bareng wis oleh sapasar, prahara mau lagi lerem, nanging sawatara dina isih terus grimis. Suwé-suwé mendungé ilang wusana langit sumilak padang.

Bantèng, mendjangan, kidang lan wedus ing Tegal Pangangen-Angen kèri setitik. Matjan kombang entèk babar pisan.

Ki Tulus lan Ki Mulus isih pada slamet, nanging Ki Mulus uga lara kaja kakangné. Nalika metukaké lakuné matjan kang ngojak Ki Teguh kaé, dikrubut matjan telu. Tudjuné ora kalah, nanging tatuné arang krandjang.

Wedus pitulas sing ndjarag supaja diojak-ojak matjan ja pada slamet. Semono uga ki Teguh, ni Menik lan kantja-kantjané sing pada mèlu tetulung.

Sang Bagawan Téga-ing-Rat ja isih slamet. Isih kadjèn kèringan, isih dipundi-pundi. Muridé ja isih akèh. Jèn omong-omongan karo muridé, ora tau lali kanda jèn Wahju Tjakraningrat wis bali manèh ana ing Ki Lurah Tulus.

Sing ora bali dadi muridé mung Ni Menik, Ki Teguh lan kantja-kantjané sing minggat saka patapan kaé. Amarga wis ora ngandel lan ora pratjaja marang Sang Bagawan. Nanging ki Teguh sakantja kuwi kena diarani wedus anèh. Jen wedus lumrah mestiné rak ja ngadjèni lan pratjaja marang wedus bérok kang ngèsti marang djumbuhing Kawula kalawan Gusti lan awas marang ngolah-ngalihing Wahju Tjakraningrat !

(Dongèng sato kéwan)

124