„Ora susah kokandani wis ngerti déwé jèn dagingmu kuwi wis alot, wis ora énak. Olèhmu ora takkapak-kapakaké kuwi ja awit dagingmu ora énak, ora kok amarga kowé kuwi wedus tapa. Ngerti kowé hé ?"
Krungu tembung bengis kuwi Sang Bagawan atiné deg-degan, kringeté gumrobjos. Ing batin nenuwun marang Djawata : ,,Duh, Djawata kang Maha Asih, aku njuwun slamet jèn matjan iki malihané Batara Kalawidjaja, aku gelam-gelem waé dipangan. Nanging sadjaké kok matjan temenan. Aduh laé, keprijé oléhku golèk akal supaja slamet !
„Ja wis ta, Ki Ageng, jèn kowe ndjaluk murid-muridku, ja tak wènèhi, nanging sarèhné isih enom-enom, adja énggal-énggal kopangan disik. Antèkna sawatara dina, bèn lemu disik awaké." Olèhé kanda mangkono kuwi karo bisik-bisik, bèn ora krungu muridé.
„Supaja adja nganti pada wedi, étok-étok pèken anak."
„Ja, betjik. Saiki aku ndjaluk papat waé disik. Mbésuk manèh gampang. Pilihana sing lanang sidji waé, sing wédok telu. Jèn dagingé mono memes sing wédok, nanging jèn sing takgawa wédok kabèh, mengko mundak sudjana. Mulané ila-ilané wènèhana sing lanang sidji."
„Ja, Ki Ageng, nanging kowé ngentènana disik ana ing régol. Mengko takpilihaké sing awaké wutuh-wutuh."
Bareng matjan wis sumingkir ana ing djaban régol, Sang Bagawan bandjur ngundangi muridé lanang-wadon.
„Anakku, nggèr, aku mau kedajohan matjan. Kowé wis pada weruh déwé. Mauné aku sumelang. Djebulané karepé betjik banget. Saking tresnané marang bangsaning wedus, mulané arep ngepèk anak wedus. Wédok telu, lanang sidji. Mulané kuwi, sapa sing gelem dipèk anak, ngatjunga."
„Wedus pada tingak-tinguk. Ora ana sing ngatjungaké tangan."
„Sapa sing gelem? Wis ta, ora susah sumelang. Sing mréné kuwi mau Ki Ageng Sardulapati déwé, lurahing matjan kombang, ratu pinandita, ora tau mangan daging."
Wedus meksa durung ana sing mangsuli.
„Elo, keprijé ta kuwi? Ana ditari guru kok pada meneng waé ! Wis jèn mengkono kowé waé, nggèr, ni Gandes, ni Kèwes, ni Menik karo ki Teguh. Kowé waé sing isih dapur tjempé, patut jèn dipèk anak déning matjan pinandita. Iki djenengé begdjamu, nggèr !"
Endang lan tjantrik sing dituding pada tumungkul, ora mangsuli apa-apa.
„Wis ajo, nggèr, takteraké tekan régol. Bapakmu ngentèni ana ing djaba.'
Ni Gandes, ni Kewes, ni Menik karo ki Teguh bandjur pamitan karo kantja-kantjané. Sing mangkat karo sing kèri akèh kang pada mrebes-mili, kabèh pada sumedot. Tekan régol, tjempé ditampani matjan kombang, bandjur digawa menjang padunungané.
Ana ing omahé Sardulapati, tjempé papat mau katoné digematèni banget. Mangan apa waé diudja. Malah jèn krasa ora kepénak setitik wae wis digolèkaké djamu. Ora antara suwé awaké lemu-lemu.
121