Suwé-suwé asu adjag keseser. Sing isih urip kepeksa lunga saka ing Tegal Pangangen-Angen.
Sang Bagawan Téga-ing-Rat krungu jèn asu adjag kalah, atiné sedih banget. Sebabé, sanadyan kéwan galak, asu adjag kuwi wis tepung betjik, mangka ja durung tau ngganggu gawé ana ing patapan. Satekané matjam kombang, uripé wedus, kidang, mendjangan, lan bantèng saja ngrekasa, amarga matjan kombang kuwi sanadyan dedeg-pangadegé ora sepiraa, nanging karosané ngungkuli asu adjag. Mangka gamané ora mung sijung waé, tjakaré ja landep banget. Kedjaba kuwi, mènèk wit-witan bisa, ngrunduk pinter banget. Weruh-weruh. jèn wis njokot gulu utawa ngetapel ana ing punuk. Wedus sakantja-kantjané saja akèh sing mati dadi mangsané matjan kombang. Malah bantèng ja wis ana sawetara kang kena dilimpé. Ki Tulus nganti djudeg banget.
Ing sawidjining dina Ki Tulus nékad arep marani panggonané matjan kombang. Sing didjak mung kantja papat. Lijané dikon tunggu omah. Karepé Ki Tulus, matjan kombang arep ditantang prang tanding. Tekaning ngendon, djebul sepi. Matjané mbok manawa lagi pada saba utawa ngalih panggonan. Ora olèh gawé, tja, matjané ora ana sidji-sidjia. Wis ajo, mulih waé. Awas, Ki Tulus! Nḍuwurmu kuwi apa? Waduh, kasèp! Punuké Ki Tulus wis ditjengkerem matjan kombang. Matjan mau andjlog saka ing uwit. Ki Tulus ndjola. Lagi arep ngipataké sing ana ing punuk, geger, lambung, pupu, bokong, sirah wis diéntjoki matjan. Ki Tulus kepeksa gulung-koming. Matjan sing pinudju ketindihan ja bandjur uwal, nanging jèn wis mari ketindihan, nubruk manèh. Adjaa ditulungi kantjané, mbok manawa Ki Tulus tumekèng lajon temenan. Saking akèhé lan djeroné tatuné, Ki Tulus bandjur lara banget. Ana salapan dina ora bisa obah. Tudjuné isih bisa mulih.
Kotjapa ing Wukir-Rinengga, Begawan Téga-ing Rat wis ngerti jèn bakal diparani matjan kombang, mulané régolé saben dina wis disadijani panganan sing énak-énak. Perluné jèn matjan teka, bèn mangan ana ing régol nganti sawaregé. Jèn wis wareg, sukur jèn nganti kemlakaren, mestiné ora bakal énggal-énggal mangan wedus. Temenan, ora antara suwé matjan kombang teka ana ing patapan. Tekan ing régol, bandjur pada mangan nganti wareg banget. Malah ana sing nganti kemlakaren temenan. Sawisé mangan bandjur mlebu ing penḍapa sarana nglumpati pager. Sang Bagawan kepeksa metukaké. Para murid, tjantrik, éndang, tjèti sapanunggalané wis pada ndelik ana ing omah, ing gandok utawa ing sanggar palanggatan. Pada ngindjen menjang pandapa. Gumum banget weruh kekendelané Sang Bagawan, Matjan sing gedé déwé bandjur tjelatu:
,,Bagawan, wruhanamu, aku iki Ki Ageng Sardulapati, lurahing matjan kombang kang ana ing kéné. Aku wis ngerti jèn kowe kuwi wedus tapa, mulané ja ora arep takkapak-kapakaké. Mung aku krungu kabar jèn muridmu utawa tjantrikmu lan manèh éndangmu lan tjètimu kuwi akèh banget tur isih enom-enom. Hla kuwi waé aku ndjaluk sawatara."
,,O ija ta, Ki Ageng, nanging arep kokapakaké. Jèn arep kopangan, mbok aku waé. Aku iki wis tuwa, wis tau mukti. Saking tuwaku, dagingku wis alot banget, wis sepa rasané. Mulané aku waé panganen."
120