Asu adjag ja wis pada ngerti marang bebudèné Sang Bagawan, mulané bandjur pada rembugan. Wosing rembug mangkéné: Bagawan Téga-ing-Rat kuwi wedus sing kadjèn-kèringan ing Tegal Pangangen-Angen. Mangka sanadyan ngerti jèn asu adjag kuwi gawéné mangan bangsané wedus, nanging Sang Bagawan katoné ora serik atiné. Malah ngandani marang murid-muridé jèn asu adjag kuwi sapada-padaning tumitah, dadi ora kena diaru-biru. Béda karo bantèng. Jèn bantèng, manèh si Tulus kaé, ora kendat-kendat olèhé ngandani kantja-kantjané jèn asu kuwi mungsuh. Tur jèn kadang-kadang dikrubut, mesti nglawan. Wis tau ana asu adjag sing durung akèh pangalamané, weruh ana bantèng rada adoh karo kantjané, bandjur dikrubut. Ora ngerti jèn sing dikubrut mau si Tulus. Hla, asu adjag akèh sing tiwas. Kepénaké sing didadèkaké lurah kuwi Sang Bagawan waé, supaja saisining Tegal Pangangen-Angen mari sudjana tumraping asu adjag. Jèn wis ora sudjanan, gampang bedog-bedogané. Asu adjag bandjur pada marani Sang Bagawan. Ditari dadi lurah.
Wangsulané:
,,Adja dadi atimu, ki sanak, aku iki wis tuwa tur durung tau njekel papréntahan. Kowé ngerti déwé jèn aku iki wedus tapa. Sing takgolèki mung manunggaling Kawula kalawan Gusti. Jèn kowé takon aku, sapa sing patut dadi lurah ana ing kéné, ja kuwi lurahmu déwé, Ki Ageng Srigalanata. Sababé, jèn aku ora klèru, Wahju Tjakraningrat kuwi saiki wis ana ing lurahmu."
,,O ija ta, Bagawan, jèn kowé ora gelem dadi lurah ja ora dadi apa. Nanging pandjalukku, sato kéwan saisining Tegal Pangangen-Angen kuwi kandanana jèn bangsaku asu adjag kuwi ana ing kéné rak ora arep gawé ala, malah arep gawé betjik. Wedus lan kidang-mendjangan sing kadang-kadang takpatèni, kuwi rak amarga dosa. Apa ija kéwan ora dosa kok diukum pati! Kantja-kantjamu kuwi kandanana jèn sing dosa gedé banget kuwi sabeneré waé si Tulus. Djalaran, si Tulus kuwi tansah ngala-ala waé marang bangsaku. Jèn wataking satrija utawa wataking pandita-ratu kaja kowé kuwi, mestiné ora bakal ngala-ala sapada-padaning dumadi. Rak ja ngono ta, Bagawan?"
,,Bener banget kandamu kuwi! Mulané lurahmu énggal-énggal aturana djumeneng nata ana ing kéné."
Kotjapa ing alas Sardulapada, panggonané matjan kombang. Ing kono uga ana patjeklik. Saking ngelihé, matjan kombang bandjur pada ngumbara, menjang ngendi-endi. Nganti dilabuhi njabrang bengawan tapel-watesing Tegal Pangangen-Angen. Ing kono sing katon disik déwe asu adjag sing lagi pada sarapan wedus. Matjan kombang bandjur pada munduk-munduk ngrunduk asu adjag. Bareng wis rada tjedak, mentjolot nubruk sing lagi pada énak-énak sarapan. Bandjur pada kerah ramé banget. Asu adjag kelindih ing juda. Sing durung kebatjut mati, pada mlaju nggoleki kantjané. Wiwit dina iku, asu adjag terus perang nglawan matjan kombang. Wedus, kidang lan mendjangan pada kekes weruh perangé kéwan galak pada galak. Sing wani ndeleng saka kadohan mung bantèng. Ananging jèn olèhé perang tjampuh saja tjedak saka panggonan enggoné ndeleng, bantèng meksa sumingkir.
119