buksah. Jèn Bubuksah isih nganggo munggah swarga barang. Jen aku wis ora mreduli marang swarga. Sing takèsti mung manunggaling Kawula kalawan Gusti. Malah saiki iki uga, satemené waé njawaku kuwi wis djumbuh karo Gusti. Tumraping aku wis ora ana Kawula, ora ana Gusti, sing ana mung ,,Iku". Ananging jèn aku mati, ja ing kono kuwi sampurnané enggonku manunggal kalawan Gusti."
Wedus nonoman krungu kandané Sang Bagawan mangkono mau bandjur rumangsa isin banget. Ndjaluk pangapura, déné nganti ora ngandel marang Sang Bagawan. Tekan ngomah, wedus mau ngandakaké apa sing diandaraké déning Sang Bagawan. Sang Bagawan saja kondang. Muridé saja akèh, pundjungané saja akèh.
Kotjapa ing alas Srigalabumi, panggonaning asu adjag. Ing kono ana patjeklik. Akèh sato kéwan kang mati djalaran saka pageblug. Wusana asu adjag banget anggoné kekurangan pangan. Mulané bandjur pada ngumbara tekan ing endi-endi. Malah ana sing nganti njabrang bengawan tapel-watesing Tegal Pangangen-angen. Asu sèketan sing bisa slamet tekan Tegal Pangangen-Angen mung ana salawé. Bandjur pada golèk pangan. Sing katon disik déwé wedus. Suwé-suwé mregoki kidang, bandjur mregoki mendjangan. Sarèhné kidang-mendjangan sok nglawan, mulané jèn isih bisa milih, sing dipilih wedus. Gampang patèn-patènané. Nanging jèn kepeksa amarga ngelih banget, apa waé ditempuh. Malah wis tau ana bantèng isih rada tjilik, saba déwé misah karo kantja-kantjané, kawruhan ing asu adjag, bandjur dikrubut nganti tekan patiné. Saking mirisé, kéwan ing Tegal Pangangen-Angen nganti ora bisa ngèstokaké apa dawuhé Ki Lurah Tulus. Dawuhé jaiku supaja sakabèhing kéwan nglumpuk dadi sidji, bandjur gawé pager sing pengkuh. Sing ndjaga mengko bantèng lan mendjangan lanang sing gedé-gedé. Ananging saking djembaré Tegal Pangangen-Angen, mangka ana ing dalan sok dibégal asu, mulané wedus utawa kidang mendjangan akèh sing ora wani mlaku marang omahé Ki Tulus. Wani-wani jèn diteraké bantèng loro utawa telu. Mulané sing bisa ngumpul ana ing kalurahan mung setitik. Tjekaké uripé kéwan ana ing Tegal Pangangen-Angen nalangsa banget. Sing rada kepénak mung sing tjedak Ki Tulus sabalané. Saking rosané lan kendelé, sanadyan asu adjag sing gedé-gedé jèn ora kapeksa ora wani nempuh. Déné jèn meksa nempuh, Ki Tulus ora bakal atinggal glanggang tjolong plaju !
Ing patapan Wukir-Rinengga uripé para tjantrik, éndang tjèti, sapituruté uga ora pati ngrekasa banget, amarga saking sugihé Bagawan Téga-ing-Rat, jèn kedajohan asu adjag, bisa njuguh panganan sing énak-énak. Jen wis wareg, asu adjag trima ora sida ndjaluk tjantrik utawa endang. Malah jèn meksa arep mangan tjantrik utawa endang, bandjur diendemi brem karo tuwak. Bandjur digotong menjang ndjaban patapan. Régol dikantjing. Karepé para tjantrik, asu sing mendem mau arep dipatèni pisan, nanging ra dililani déning Sang Bagawan. Ora betjik matèni sapada-padaning urip. Mundak ngalang-alangi manunggaling Kawula kalawan Gusti. Utawa manèh, anané asu adjag ana ing Tegal Pangangen-Angen kuwi rak wis pinesti déning Sang Hjang Atjintya. Kanggo njoba bebudèning para wedus lan kantja-kan-tjané.
118