Ngono ja : Ing djaman kuna kuwi ana sedulur kakang-adi. Sing tuwa djenengé Gagang-Aking, sing enom Bubuksah. Sedulur loro mau arep tapa ana ing alas. Sarèhné ora tjotjog keprijé olèhé arep tapa, mulané bandjur pepisahan. Gagang-Aking olèhé tapa sarana ngurang-ngurangi gelem mangan jèn krasa ngelih banget, gelem ngombé jèn krasa ngelak banget, gelem turu jèn krasa ngantuk banget, jèn mangan, sing dipangan mung gegodongan lan wowohan; jèn ngombé, sing diombé mung banju tawa. Tjekaké ngurang-ngurangi sakabèhé. Awaké nganti kuru banget. Mulané djenengé ja Gagang-Aking.
Adiné tapané rada anèh. Mangan ngombé ora lèrèn-lèrèn. Sing dipangan apa waé sing ketjandak: manuk, tjèlèng, kidang lan lija-lijaning sato-kéwan. Malah jèn bisa njekel manungsa, ja dipangan. Wowohan ora ditampik. Tjekaké apa waé sing kena dipangan, dipangan. Déné jèn ngombé, kedjaba banju tawa, ja brem lan tuwak. Jèn ngombé nganti mendem. Bandjur turu nglempus sadina-sawengi. Awaké nganti lemu banget, ja ora béda karo aku iki, Mulané djenengé Bubuksah, tegesé hawa nepsu mangan.
Kotjapa ing Suralaja, Batara Indra arep njoba tulusing atiné sedulur loro mau. Bandjur utusan Batara Kalawidjaja, ndikakaké malih matjan lan nari marang Gagang-Aking lan Bubuksah apa gelem dipangan.
Batara Kalawidjaja bandjur tumurun ing martjapada, malih matjan. Marani Gagang-Aking.
,,Gagang-Aking, aku iki ngelih banget kowé apa gelem takpangan ?"
„Aku iki lung-lit ngéné kok arep kopangan. Mbok tjoba menjanga enggoné adiku si Bubuksah. Kuwi awaké lemu tur isih enom. Jèn dipangan mestiné énak banget."
Matjan bandjur marani Bubuksah.
,,Bubuksah, aku iki ngelih banget, kowé takpangan apa gelem ?"
,,O, gelem waé, Kjai. Nanging mengko disik ja, entènana sedéla. Aku tak nutugaké olèhku mangan.
Sawisé mangan, Bubuksah bandjur adus reresik awak. Bareng wis resik awaké, bandjur marani matjan.
,,Wis Kijai, aku panganen."
Matjan bandjur mblakakaké jèn awaké kuwi satemené waé utusané Batara Indra, ndikakaké njoba tulusing atiné Gagang-Aking lan Bubuksah. Saiki njata jèn sing tulus iki Bubuksah, lega-lila masrahaké pati-uripé. Ja bener Gagang-Aking kuwi wong tapa, nanging durung sutji atiné, durung téga ninggal donja. Sedulur loro mau bandjur digawa sowan Batara Indra ing Suralaja. Bubuksah dililani nunggang ana ing geger, Gagang-Aking mung kena géndolan buntut. Dawuhing Déwa, Bubuksah pinarengaké munggah swarga sing ḍuwur déwé, Gagang-Aking kalilan manggon ana sing swarga endèk déwé. Mangkono tjekaking tjarita.
,,Aku iki kaja Bubuksah, Sanadyan olèhku tapa kuwi tumraping wedus lumrah kena diarani anèh, malah sanadyan uripku kuwi kena mukti pisan, ananging aku wis téga ninggal kadonjan, legalila masrahaké pati-uripku, Mung ana bédané setitik tumrapé aku karo
117