ṭèkan, wis temtu endasé komet lan ngelu, dadi wurung sedyaning endas bakal anjirnakaké srengéngé lan rembulan. Saupama ora digenḍongi anggoné amangsa srengéngé lan rembulan mesti entèk, jèn srengéngé lan rembulan entèk, kang temtu ngalam donja patjoblong : rina wengi dadi peteng nḍeḍet alimengan.
(Serat Kasusastran djawi.)
Ḍèk bijèn ana alas geḍé banget. Saka kikis wétan tekan kikis kulon kira-kira lakon sepasar, saka kikis kidul tekan kikis lor samono uga, malah kepara luwih. Ing sisih kulon lan sisih wétan sing dadi tapelwatesé kali bengawan, ing sisih kidul segara, ing sisih lor pagunungan sing djurangé djero-djero. Alas mau akèh banget pategalané. Mulané djenengé Tegal Pangangen-Angen.
Sing ngenggoni alas mau kéwan tratjak loro, jaiku banṭèng, mendjangan kidang lan weḍus. Sing akèh ḍéwé weḍusé. Ana jèn mungrong èwu. Bandjur kidang, kira-kira telung atusan. Bandjur mendjangan, mbokmenawa ana satus. Sing seṭiṭik déwé bantèngé. Tjatjahé mung ana telung puluhan. Ananging senadyan mung setitik tjatjahé, sarèhné geḍé lan rosa déwé, mangka ja kendel lan pinter déwé, mulané saben-saben ana pilihan lurah, sing dipilih déning sakabèhing kéwan ing Tegal Pangangen-Angen mau mesti bantèng. Ing kalaning lelakon sing taktjaritakaké iki, sing dadi lurah djenengé Ki Tulus. Olèhé mréntah ana ing Tegal Pangangen-Angen adil banget, mulané ditresnani déning sakabèhing kéwan.
Kotjapa, ana ing èrèng-èrènging gunung tjeḍak kikis lor, ana patapan djenengé Wukir Rinengga. Sing tapa ana ing kono wedus bérok, djenengé Bagawan Téga-ing Rat. Jèn pinudju ora mudja-semèdi utawa ngeningaké tjipta, Sang Bagawan mau gawéné mlaku-mlaku karo mriksa olèhé paḍa njambut gawé para tjantrik lan para éndang. Saking djembaré pakarangané lan pategalané mula olèhé ngingu tjantrik énḍang ja rada akèh. Mulané sanadyan wedus tapa, Bagawan Téga-ing-Rat kuwi klebu kéwan sing uripé mukti déwé. Panganan apa wae sing dadi karemaning weḍus ana. Kedjaba kuwi, apa waé sing kapénak tumrap ing pantja-indrija, ing patapan wis tjumepak. Sing ngladèni énḍang, tjèti, para njai, manggung lan ketanggung. Mulané muktiné Sang Bagawan ja wis ora ketanggungan. Ora béda karo muktiné radja Turki utawa radja Prantjis ing djaman bijèn.
Wis tau ana wedus nonoman takon marang Sang Bagawan, kena ngapa jèn njata wedus tapa temenan, uripé kok luwih saka mukti ngono. Awaké nganti lemu banget. Wangsulané Sang Bagawan :
,,O, kowé kuwi tjempé wingi soré! Jèn oraa, mestiné rak ngerti jèn lairing urip kuwi ora magepokan karo batin. Apa kowé durung tau krungu tjaritané Gagang-Aking karo Bubuksah ? Durung ? Jèn durung taktjaritakaké.
116